Salahe Sapa ?
Pancen iki jaman edan
Rakyat cilik padha keplaran
Manggon saparan-paran
Mokal mangan papan pawiyatan
Salahe sapa ?
Embuh...
Ora ana sing
rumangsa
Wis padha
koncatan rasa
Wong-wong gedhe
Gumedhe kabur kanginan
Mangan dhuwit alap-alapan
Ora mikir rakyat babar pisan
Becike saiki...
Nata rasa sajrone
ati
Aja nganti
blenjani janji
Jalaran mung
bondha donya
Tidak ada komentar:
Posting Komentar