Sabtu, 05 Juli 2014

Sastra_Linambaran Ati



Linambaran Ati

Paitane wong akrami
Dudu bondha dudu rupa
Mung ati sing nglambari
Dumadine tresna kang suci

Tresna suci ambyar saparan-paran
Wong lanang ora ngugemi sirikan
mada maido madhak-madhakake
gawe serik kogel atine wong wadon

Dene wong wadon ...
Lali marang kodrate
Gemi nastiti lan ngati-ngati
Saya bubrah anggone omah-omah

Wong omah-omah ora gampang
Ulat madhep ati mantep
Sanajan nyambangi godha saya kerep
Dene ati loro ganep
Urip mulya mati karep

Tidak ada komentar:

Posting Komentar