Serat Wulang Reh Putri
Oleh: Mas Kumitir
Pupuh Mijil dan Asmarandana
Halaman 1-4
Mijil
Ingsun nulis ing layang puniki
Atembang pamiyos
Awawarah wuruk ing wijile
Marang sagung putraningsun estri
Tingkahing akrami
Suwita ing kakung
Nora gampang babo wong alaki
Luwih saking abot
Kudu weruh ing tata titine
Miwah cara-carane wong laki
Lan wateke ugi
Den awas den emut
Yen pawestri tan kena mbawani
Tumindak sapakon
Nadyan sireku putri arane
Nora kena ngandelken sireki
Yen putreng narpati
Temah dadi luput
Pituture raja Cina dhingin
Iya luwih abot
Pamuruke marang atmajane
Dewi Adaninggar duk ngunggahi
Mring Sang Jayengmurti
Angkate winuruk
Pan wekase banget wanti-wanti
Mring putrane wadon
Nanging Adaninggar tan angangge
Mulane patine nora becik
Pituture yogi
Prabu Cina luhung
Babo nini sira sun tuturi
Prakara kang abot
Rong prakara gedhene panggawe
Ingkang dhingin parentah narpati
Kapindhone laki
Padha abotipun
Yen tiwasa wenang mbilaheni
Panggawe kang roro
Padha lawan angguguru lire
Kang meruhken salameting pati
Ratu lawan laki
Padha tindakipun
Wadya bala pan kak ing narpati
Wadon khak ing bojo
Pan kawasa barang pratikele
Asiyasat miwah anatrapi
Sapra- tingkahneki
Luput wenang ngukum
Sapolahe yen wong amrih becik
Den amrih karaos
Pon-ponane kapoka ing tembe
Nora kena anak lawan rabi
Luput ngapureki
Tan wande anempuh
Amung bala wenang ngapureki
Polahe kang awon
Beda lawan rabi ing lekase
Pan mangkono nini wong akrami
Apaitan eling
Amrih asmareng kung
Asmarandana
Pratikele wong akrami
dudu brana dudu rupa
amung ati paitane
luput pisan kena pisan
yen gampang luwih gampang
yen angel-angel kalangkung
tan kena tinambak arta
Tan kena tinambak warni
uger-ugere wong krama
kudu eling paitane
eling kawiseseng priya
ora kena sembrana
kurang titi kurang emut
iku luput ngambra-ambra
wong lali rehing akrami
wong kurang titi agesang
wus wenang ingaran pedhot
titi iku katemenan
tumancep aneng manah
yen wis ilang temenipun
ilang namaning akrama
iku wajib kang rinukti
apan jenenging wanita
kudu eling paitane
eling kareh ing wong lanang
dadi eling parentah
nastiti wus duwekipun
yen ilang titine liwar
pedhot liwaring pawestri
tan ngamunken wong azina
ya kang ilang nastitine
wong pedhot dherodhot bedhot
datan mangan ing ngarah
pratandhane nora emut
yen laki paitan manah
dosa lair dosa batin
ati ugering manungsa
yen tan pi nantheng ciptane
iku atine binubrah
tan wurung karusakan
owah ing ati tan emut
yen ati ratuning badan
badan iki mapan darmi
nglakoni osiking manah
yen ati ilang elinge
ilang jenenging manungsa
yen manungsane ilang
amung rusak kang tinemu
tangeh manggiha raharja
iku wong durjana batin
uripe nora rumangsa
lamun ana nitahake
pagene nora kareksa
ugere wong ngagesang
teka kudu sasar susur
wong lali kaisen setan
ora eling wong aurip
uger-uger aneng manah
wong mikir marang uripe
ora ngendhaleni manah
anjarag kudu rusak
kasusu kagedhen angkuh
kena ginodha setan
pan wus panggawening eblis
yen ana wong lali bungah
setane njoged angleter
yen ana wong lengus lanas
iku den aku kadang
tan wruh dadalan rahayu
tinuntun panggawe setan
Wong nora wruh maring sisip
iku sajinis lan setan
kasusu manah gumedhe
tan wruh yen padha tinitah
iku wong tanpa tekad
pan wus wateke wong lengus
ambuwang ugering tekad
iku nini dipuneling
lamun sira tinampanan
marang Sang jayengpalugon
ya garwane loro ika
putri teka Karsinah
iya siji putri Kanjun
aja sira duwe cipta
maru nira loro nini
nadyan padha anak raja
uger gedhe namaning ngong
lan asugih ratu cina
parangakik Karsinah
rangkepa karatonipun
maksih sugih ratu Cina
budi kang mangkono nini
buwangen aja kanggonan
mung nganggowa andhap asor
karya rahayuning badan
den kapara memelas
budi ingkang dhingin iku
wong ladak anemu rusak
yen bisa sira susupi
tan kena ginawe ala
yen kalakon andhap asor
yen marumu duwe cipta
ala yekti tan teka
andhap asor iraiku
kang rumeksa badanira
lamun sira lengus nini
miwah yen anganggo lanas
dadi nini sira dhewe
angrusak mring badanira
marumu loro ika
sun watara Jayengsatru
dadi tyase loro pisan
telas pituturireki
mring putra Sang prabu Cina
prayoga tiniru mangke
marang sakehimh wanodya
iki pituturira
ing Tarnite Sang Aprabu
geniyara gula drawa
Ringkasan
MIJIL
Paku
Buwana X menehi wejangan utawa petuah tumrap para putrine lumantar nulis
tembang (mijil) babagan tata krama wong nikah lan ngabdi marang bojo. Ora
gampang wong bebojoan, abot, kudu ngerti aturan lan carane, sarta ngerti
wewatekane wong lanang. Dadi wong wadon kudu eling lan waspada. Aja nganti wong
wadon ngarepi kekarepane wong lanang (bojo) lan tumindak sakarepe dhewe.
Sanajan putri raja, nanging aja nganti ngetok-ngetoke yen anake raja. Amarga
sing mangkono iku bakale ora apik ing tembe mburi. Kaya dene wejangane ratu
Cina marang anake, Dewi Adaninggar, nalika arep nglamar Sang Jayengmurti. Ratu Cina
banget anggone wanti-wanti marang putrine, nanging Dewi Adaninggar ora gelem
ngugemi. Saengga patine ora apik. Paku Buwana menehi wejangan marang anake yen
ana rong perkara sing abot, yaiku parentahe raja lan parentahe bojo. Rong
perkara iku padha karo merguru sing bisa nuduhake keslametan lan pati.
Tumindake raja padha karo wong lanang. Yen prajurit iku hak utawa duweke raja,
mula wong wadon iku duweke bojo. Kabeh tindak-tanduk sing salah bisa diukum.
Yen tumindak becik bakal ngrasakake paedahe. Nanging yen tumindak ala lan bojo
ora ngapura, mula wong wadon lan anak bakal tumindak ala. Mula kudu tansah
eling lan kinasihan ana ing urip.
ASMARANDANA
Sangune
wong nikah iku dudu rupa dudu bodha, nanging namung ati sing dadi paitane. Syarate
wong omah-omah kudu eling wewengkone wong lanang, aja nganti tumindak sakarepae
dhewe. Dadi kudu waspada, gemi, nastiti lan ngati-ati. Iku minangka kuwajiban
sing kudu diugemi karo wong wadon. Mula dadi wong wadon iku kudu duwe modal
eling. Eling marang wewengkon lan parentahe wong lanang, lan kudu ngati-ati
amarga wis dadi duweke wong lanang. Aja nganti kepincut marang liyan. Yen ora
ngati-ati bakal rusak. Rusake wong wadon iku ora mung amarga tumindak zina,
nanging uga amarga ora setiti lan ngati-ati. Ora eling yen modale wong
omah-omah iku ati. Dosa lair batin yen ora khusyuk ciptane, mosike ati amarga
ora eling yen ati iku rajane awak. Awak mung saderma nglakoni parentahe ati. Yen
ati wis ilang kesadaran lan nalurine, mula bakal nemoni karusakan lan ora nemu
bagya mulya ing uripe. Syarate wong urip iku aja nganti keliru anggone mlaku.
Wong sing lena dadi tumindake setan. Wong sing ora nganggo pedhoman ati, ora
bisa ngendhalekake ati lan gumedhe iku amarga kena godhane setan. Wong sing ora
ngerti kaluputane dhewe lan ora ndadekake ati minangka pedhoman iku pada karo
tumindake setan. Kabeh iku tumindak sing ala, aja nganti diduweni karo wong
wadon. Iku mau wejangane ratu Cina marang anake. Yen anake kalakon dadi bojone
Sang Jayengpalugon, kamangka Jayengpalugon iku duweni bojo loro, yaiku putri
Karsinah lan putri Kanjun. Aja nganti duweni pikiran sing ala marang lelorone
mau, sanajan padha-padha anak raja. Tumindak kanthi andhap asor lan aja nganti
gumedhe, amarga bakal nemoni cilaka. Saupama maru kaloro mau duweni niyat sing
ala marang Dewi Adaninggar, mula ora bakal kalaksanan amarga Dewi Adaninggar
duweni sifat andhap asor. Nanging yen gumedhe, apa maneh galak, wewatekan iku
bakal ngrusak awake dhewe. Lan marune bakal seneng weruh karusakan awake Dewi
Adaninggar.
ULASAN
Serat
Wulang Reh Putri adalah teks Jawa yang berbahasa dan
beraksara Jawa serta berbentuk tembang macapat yang terdiri atas pupuh Mijil
(10 bait), Asmarandana (17 bait), Dhandhanggula (19 bait), dan Kinanthi (31
bait).
Serat
Wulang Reh Putri berisi nasihat dari Paku Buana X kepada putri-putrinya tentang
bagaimana sikap seorang wanita dalam mendampingi suami. Salah satu nasehatnya
adalah istri harus selalu taat kepada suami. Disebutkan bahwa suami itu
bagaikan seorang raja, bila istri membuat kesalahan maka suami berhak memberi hukuman.
Istri harus selalu setia, penuh pengertian, menurut kehendak suami, dan selalu
ceria dalam menghadapi suami meski hatinya sedang sedih.
Pupuh Mijil
Pupuh Mijil dalam serat Wulang Reh Putri
berisi tentang nasihat Paku Buana X kepada putrinya tentang tata krama dalam
perkawinan dan mengabdi kepada suami. Mempunyai suami itu tidak gampang, harus
mengerti aturan dan cara-cara orang bersuami. Selain itu, juga harus mengerti
tentang watak lelaki. Menjadi seorang istri harus selalu ingat dan waspada.
Seorang istri tidak boleh mendahului kehendak suami dan berbuat seenak hatinya.
Meskipun dia seorang putri raja, akan tetapi jangan sampai menonjolkan bahwa
dia adalah putri raja. Karena pada akhirnya hal tersebut akan berakibat tidak
baik. Seperi halnya nasihat ratu Cina kepada putrinya, Dewi Adninggar, ketika
mau berangkat melamar Sang Jayengpalugon. Ratu Cina menasehati dengan sepenuh
hati, akan tetapi Dewi Adaninggar tidak mengindahkannya sehingga kematian Dewi
Adaninngar tidak baik. Ada dua perkara besar yang berat yaitu perintah raja dan
perintah suami. Kedua hal tersebut sama halnya dengan berguru. Jika prajurit
adalah haknya raja, maka istri adalah hak suami. Segala tindakan yang salah
bisa dihukum. Jika berbuat baik maka akan merasakan manfaatnya. Tapi jika
berbuat salah dan suami tidak mau memaafkan maka kelak istri dan anak akan
berbuat yang tidak baik. Hanya prajurit
yang bertingkah laku salah, berbeda dengan istri yang tidak bisa dimaafkan.
Memberi maaf itu keliru karena anak dan istri akan melakukan perbuatan yang
tidak baik. Maka dari itu, sebagai seorang istri jangan sampai membangkang
terhadap perintah suami dan harus taat pada suami. Dan juga senantiasa ingat
dan penuh dengan kasih sayang dalam menjalani kehidupan.
Pupuh Asmarandana
Pupuh Asmarandana dalam serat Wulang Reh
Putri berisi tentang nasihat ratu Cina kepada anaknya, Dewi Adaninggar, tentang
bagaimana syarat-syarat membangun rumah tangga. Modal orang berumah tangga
bukanlah harta dan penampilan, akan tetapi hati. Menjadi seorang istri harus
ingat. Ingat dalam arti ingat akan kekuasaan dan perintah suami dalam rumah
tangga. Selain itu, harus berhati-hati sudah menjadi suami orang, jangan sampai
menghianati sang suami. Jika tidak berhati-hati maka akan rusak. Perempuan yang
rusak tidak hanya karena berzina saja, akan tetapi karena kurang berhati-hati.
Bila rusak maka rusaklah semua kebahagiaan dalam rumah tangga. Maka dari itu,
semua perbuatan harus dilandasi dengan ketulusan hati. Bila Dewi Adaninggar
diterima oleh Sang Jayengpalugon, yang mempunyai dua istri yaitu putri Karsinah
dan putri Kanjun, jangan sampai mempunyai prasangka buruk terhadap keduanya
meskipun mereka sama-sama anak raja. Tetapi lebih baik memiliki sifat yang
rendah hati. Karena dengan segala kerendahan hati, akan terhindar dari niat
jahat orang lain. Dan sebaliknya, jika bersikap sombong dan galak maka akan
merusak diri sendiri.
Manfaat
Serat Wulang Reh Putri layak dibaca
oleh semua orang, terutama kaum perempuan yang nantinya akan menjadi seorang
istri. Setelah membaca dan memahami serat ini, perempuan akan tau bagaimana
beratnya membangun sebuah rumah tangga. Tau akan syarat dan tata cara orang
berumah tangga. Seorang wanita harus taat dan tidak boleh mendahului kehendak
suami. Sikap gemi, nastiti dan ngati-ati, harus dimiliki oleh seorang
istri agar dapat mengatur rumah tangganya dengan baik. Jangan sampai seorang
istri membangkang terhadap suami. Karena suami adalah raja dan kepala dalam
rumah tangga.
Nasihat yang ada di Serat Wulang
Reh Putri baik jika diterapkan dalam kehidupan sehari-hari. Karena kenyataan
yang terjadi pada jaman sekarang, banyak sekali pernikahan di usia muda. Yang
dipikir hanyalah kesenangan sesaat tanpa memikirkan masa yang akan datang.
Semoga setelah membaca dan memahami Serat Wulang Reh Putri, para perempuan
tidak terburu-buru untuk membangun rumah tangga jika usianya masih muda atau
belum cukup. Karena untuk membangun sebuah rumah tangga itu tidaklah gampang
seperti apa yang dibayangkan. Ada syarat dan tata cara yang harus dilaksanakan
dalam berumah tangga. Bagi perempuan yang sudah dewasa dan memantapkan hati
untuk membangun rumah tangga, setelah mempelajari serat Wulang Reh Putri ini
akan mengetahui syarat dan tata cara orang berumah tangga. Serat ini bisa
menjadi pedoman atau pelajaran dalam membangun suatu rumah tangga agar kelak
bisa langgeng dan berjalan dengan lancar.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar