Sabtu, 05 Juli 2014

Sastra_Cerkak



Kekancan

Bel sekolah wis keprungu, kuwi pratandha para siswa ing SMP N 1Karaharjan kudu mlebu kelas. Para siswa kang esih neng dalan nyepetake lakune. Semono uga karo Tari, Rusmi, lan Nurika. Bocah telu kuwi cepet-cepet mlebu kelas sawise nyelehake sepedha ing parkiran.
“Ayo, kanca-kanca cepet! Mengko kang mulang jam pisanan kuwi Pak Hening lho,” pangajake Tari marang Rusmi lan Nurika. Bareng kelingan yen pelajaran Bahasa Indonesia gurune Pak Hening , bocah telu banjur mlayu mlebu kelas amarga reti watake Pak Hening kang ora seneng yen ana siswane telat.
Tari, Rusmi, lan Nurika kuwi wis kancanan raket wiwit unggah-unggahan kelas IX SMP. Wis suwe anggone kekancan amarga saiki tetelune kuwi sedhela maneh arep Ujian Nasional (UN).  Bocah telu kuwi neng endi-endi bareng, mangkat sekolah lan nggarap tugas uga bareng.
Nurika katon seneng banget nalika pelajarane Pak Hening. Sabubare pelajaran, Rusmi omong-omongan karo Nurika.
“Nur, ana apa kok sajake dina iki awakmu seneng banget?”
“Iya, Rus. Aku seneng banget amarga dhek bengi aku bar diajak Husni menyang alun-alun.”
“Lho, kowe ana hubungan apa karo Husni kae?”
“Aku lan Husni saiki dadi kanca raket.”
“O ... ngono ta, aku melu seneng Nur. Muga-muga wae awakmu karo Husni bisa jodho.”
Ora krasa wis jam setengah loro, wektune bali sekolah. Kaya biyasane Tari, Rusmi, lan Nurika padha nyepedha bareng.
Wis seminggu iki Nurika dadi kanca rakete Husni. Husni kuwi salah sawijining jejaka neng Desa Babatan kang wis kerja. Saiki Nurika luwih seneng dolan karo Husni timbang karo Tari lan Rusmi. Saben ketemu karo Tari lan Rusmi, kang diomongake Nurika mung siji yaiku kang ana gegayutane karo Husni. Tari lan Rusmi ngrasa yen solah bawane Nurika beda karo biyasane sawise kenal Husni. Dheweke arang kumpul apa maneh nggarap tugas bareng karo Tari lan Rusmi. Mangkat sekolah wae saiki diterake Husni.
Tari lan Rusmi ora seneng karo solah bawane Nurika kang saiki. Bocah loro kuwi kudu ngomong karo Nurika supaya ngerti panyebabe. Nalika ngaso, Tari lan Rusmi nyedhaki Nurika lan ngomong babagan solah bawane Nurika saiki.
“Nur, kenapa saiki kok awakmu ngadoh saka aku lan Rusmi?” pitakonane Tari marang Nurika.
“Lha terus kenapa?”
“Ngene lho Nur, yen ana masalah mbok ya crita karo aku lan Rusmi!”
“Aku ora ana masalah apa-apa. Nanging masalahe mung siji, aku wis wegah kekancan karo kowe lan Rusmi!”
“Lha kenapa Nur? Apa aku karo Rusmi duwe salah karo awakmu?”
“Ora, nanging luwih milih Husni tinimbang kowe lan Rusmi!”
“O ... dadine kaya ngono Nur. Ya wis yen pancen kuwi kang dadi pilihanmu, aku lan Rusmi mung bisa ndedonga supaya awakmu lan Husni bisa dadi kanca raket salawase sarta bisa luwih apik saka aku lan Rusmi.”
Ora krasa wis sesasi Tari lan Rusmi kekancan tanpa Nurika. Bocah loro kuwi tetep kekancan kaya biyasane sanajan ora ana Nurika. Tari lan Rusmi tansah njurung apa kang dadi kekarepane Nurika, nanging ora tau bayangake yen Nurika bakal tega ninggalake kanca mung gara-gara wong lanang.
Let sesasi, para siswa kelas telu Ujian Nasional (UN). Ana rasa wedi lan ketar-ketir neng njero atine para siswa. Nanging kanthi donga marang Gusti Allah saha sinau kang mempeng, mula para siswa bisa nggarap soal kanthi setiti.
Nalika dina pengumuman, Kepala SMP N 1 Karaharjan, Bapak Sudarmono, ngumumake yen para siswa lulus kabeh. Para siswa seneng, luwih-luwih Tari lan Rusmi amarga lelorone entuk biji kang paling apik. Nurika bijine uga apik, nanging ora ngluwihi bijine Tari lan Rusmi.
Sawise lulus SMP, Tari lan Rusmi nerusake sekolah neng SMA. Nanging luwih milih nikah tinimbang nerusake sekolah. Nalika Nurika dadi manten, Tari lan Rusmi ora diundang. Nanging minangka kanca kang tau akrab, mula bocah loro kuwi tetep teka sanajan ora diundang. Nalika Nurika disalami dening Tari lan Rusmi, dheweke nangis amarga eling tumindake marang lelorone sawise kenal karo Husni. Banjur Tari ln Rusmi menehi pangerten yen wis ngapurani Nurika sanajan dheweke durung njaluk ngapura. Sawise kuwi Nurika sadhar yen Tari lan Rusmi kuwi bener-bener kanca kang apik. Mula yen ana wektu, dheweke gelem kumpul bareng maneh karo Tari lan Rusmi.
Tari lan Rusmi tetep kekancan sanajan beda sekolah. Bocah kuwi duweni tekad sanajan wis padha duwe kanca raket, ora bakal lali lan ngadoh saka kanca kang liyane. Sebab kanca kang sejati kuwi satemene kanca kang tansah ana nalika bungah lan susah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar