Sabtu, 05 Juli 2014

Sastra_Pasar



Pasar

Pasar...
Isine maneka warna
Apa wae ana
Saka jajanan nganti sandhangan
Rakyat padha ketemu lan nyang-nyangan

Nanging saiki...
Kumandhange pasar sansaya suda
Kegeser supermarket lan swalayan
Kepriye bakale nasib para kawula
Yen pasar kelangan rupa

Pasar kudu dijaga kumandhange
Aja mung kari jeneng
Awit pasar dadi panggonan
Wong cilik golek panguripan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar