Senin, 14 Juli 2014

Pendidikan_Materi Pambagyaharja




PAMBAGYAHARJA

A.  Tegesipun Pambagyaharja

            Tembung pambagyaharja kadadosan saking kalih tembung tembung inggih menika pambagya lan harja ingkang dipundadosaken setunggal (tembung saroja). Miturut Bausastra Jawa pambagya nggadhahi teges pambage , anggenipun mbagekake, pakurmatan (2001: 566). Dene tembung harja, hargya: urmat, ngurmati (2001:26). Dados, tegesipun pambagyaharja inggih menika ngaturi pakurmatan utawi bage-binage, mbagekaken para among tamu ingkang rawuh wonten ing sasana pawiwahan.
Wonten ing adicara penganten, pambagyaharja kapacak wonten titi adicara sasampunipun  penganten kekalih nglampahi sungkeman. Ngendikanipun panata adicara kirang langkung kados makaten.
Wus paripurna risang penganten marak sowan saha nindakaken sungkeman, saestu lampahing budaya edi endah angresepaken pandulu, tumapaking adicara salajengipun inggih menika atur pambagyaharja kairing atur panuwun saha wedharing gati saking BapakutawiIbu ingkang amengku karya. Ing sakawit panjenenganipun BapakutawiIbu … badhe matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sedaya, ananging awrat nampi sih kadarmin ingkang arupi menapa kemawon saking para tamu, saengga namung kandheg ing jaja, lajeng lenggah, legeg ing wardaya boten saged matur menapa-menapa, pramila lajeng ngresaya dhumateng panjenenganipun Bapak … minangka badal wakilipun, ingkang menika sasana wara saha piantosi  pun sumangga katur. Nuwun.

B.  Sangunipun Juru Sesorah utawi Pamedharsabda

1.  Nguwasani bahan utawi perkawis ingkang badhe dipunandharake
Juru pamedhar sabda  kedah nguwasani bahan utawi perkawis ingkang dipunandharake sarta kendel anggenipun caos tanggapan tumraping panyaruwe. Tanggapan menika kedahipun nggadhahi dhasar utawi lelandhesan boten namung waton ngomong.  Mila kedahipun nggadhahi sangu arupi ilmu ingkang mumpuni.

2.  Nggadhahi Raos Wantun
Juru pamedhar sabda ugi nggadhahi raos wantun micara ngadhepi priyantun ingkang kathah. Amargi saged ugi kawon perbawanipun kaliyan priyantun-priyantun ingkang dipunadhepi. Apamaneh menawi ingkang dipunadhepi menika nggadhahi prabawa saha kepinteran ingkang linuwih.

3.  Patrap utawi sikep
Patrap utawi sikep kedah ingkang trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, boten gonyak-ganyik, apamaneh wedinan. Nalika jumeneng kedah jejeg, boten ndhoyong, boten cekelan kepara lendhetan cagak. Wigati anggenipun dipunmangertosi bilih juru pamedhar sabda utawi juru paniti laksana sajroning ngayahi wajibutawijejibahan ugi dados pasugatan mungguhing para tamu. Ngegrengutawisemuwa utawi swasana pawiwahan gumantung ugi saking juru pamedhar sabda. Mila kedahipun nggadhahi tata krama utawi trapsila inggih menika solah bawa, tindak-tanduk ingkang prasaja utawi apa anane boten dipundamel-damel. Owah-owahaning pasuryan katon sumringah anengsemake amargi swasananipun nyenengake. 

4.  Busana saha ngadi sarira
Tegesipun nalika nindakaken ayahan menika busana utawi ageman saha ngadi sarira kedah dipunjumbuhaken kaliyan kahanan.

5.  Basa saha sastra
Basa minangka piranti utawi sarana lelantaran, sesambungan utawi lung-tinampa tumrap para tamu utawi ingkang mirengake, awit saking menika, basanipun boten basa ingkang ndakik-ndakik ingkang boten dipunmangertosi dening tiyang sanes, ananging basa ingkang gampil dipunmangertosi dening tiyang kathah. Pramila basa ingkang trep ugi basa ingkang leres tuntunaning parama-sastra. Pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng, inggil-andhap, cepet rindhik lsp. Ringkesing basa kedah komunikatif, tegese kedah ngilingi:
·     Sinten ingkang ngajak wicantenan;
·     Sinten ingkang diajak wicantenan;
·     Sinten ingkang mirengake;
·     Swasananing nalikaning guneman;
·     Sami mangertpsi menapa ingkang dipunrembag.
Babagan ingkang perlu dipungatosaken saderengipun menehi sesorah wonten ngajengipun pawongan ingkang kathah inggih menika :
a)       Nemtokake ancasing sesorah
b)       Nganalisis situasi saha para pamireng
c)       Milih saha nyiutake topik.
d)       Ngempalaken bahan.
e)       Ndamel cengkorongan
f)         Ngandharaken cengkorongan kanthi komplet.
g)       Gladhen mawi swanten sing seru.

C. Tuladha Pambagyaharja

·     Pambagyaharja Penganten

Assalamu ’alakum Wr. Wb.
Nuwun. Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan. Keparenga kula minang badal wakilipun BapakutawiIbu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun BapakutawiIbu … ing ratriutawisiang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
Salajengipun BapakutawiIbu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.
Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha ampun kaaturakenn sedherek ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun  menawi kula aturaken malih. Kados ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati BapakutawiIbu …anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun BapakutawiIbu …, ingkang pidalem ing …, sampun  kalampah ijab saha kabul manut satataning agami lan nagari ing dinten … winantu wilujeng kalis ing rubeda. Ingkang menika panjenenganipun sedaya kasuwun rawuh ing rompok mriki saperlu kasuwunan tambahing donga pangestu dhumateng penganten kekalih mugi anggenipun sami lelumban ing bebrayan agung, tansah atut runtut, manggih basuki kang kaesthi, satemah enggal kaparingan nugrahaning gusti momongan datan angarani kakung menapa estri, kkanthi angugemi brayat rinancang tanpa keri.
Salajengipun, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha dipun aturaken dening sanak kadang ingkang sowan, ananging boten wonten awonipun kula aturaken menggah ingkang dados wigatosing pahargyan ing ratriutawisiang menika. Sanggyaning tamu ingkang pantes ingkang pantes sinudarsana, kawuningan bilih BapakutawiIbu … ing wekdal menika kagungan kersautawihajat mbojakramekaken putrinapun putri ingkang sesilih pun gendhuk … pikantuk anak mas Bagus … putra kakungipun BapakutawiIbu ….
Ingkang pidalem ing … kalurahan … kecamatan …
Ingkang ijab lan kabulipuun sampun kaleksanan ing dinten Jumat Wage surya kaping … utawi tanggal 2 Juli 2011 ing Masjid Shuhada Ngayogyakarta pinanggih ing karaharjan.
Kanthi rawuh panjenengan sedaya amimbuhi donga pangestu dhumateng penganten  kekalih anggenipun badhe ngambah alam bebrayan enggal, mugi tansah kalis nir ing rubeda, kacelakna ing karaharjan sedayanipun. Amin.
Lumampahing pahargyan ing wekdal menika boten saged kalampah menawi tanpa iguh pratikel, penggalihan saha sumbang surung arupi menapa kemawon saking tangga tepalih sanak kadang inggih wiwit nguntir tali sepisanan ngantos samangke saparipurnaning gati, ingkang menika awit saking sedaya kesaenanipun dipunaturaken agenging panuwun kairing donga dhateng pangeran Allah SWT. Mugia keparingan lelintu nugraha ingkang langkung kathah. Amin. Amin. Amin.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kula kurmati!
Bapakutawiibu …boten kesupen ugi, nyuwun agenging pangapunten ing mbokbilih anggenipun caos, lungguh menapa dene suguh ing samangkenipun ingkang namung sarwa prasaja saengga boten laras kaliyan kalengganipun BapakutawiIbuutawisdr sedaya. Pramila saestu sepisan malih BapakutawiIbu … tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Inggih namung amrih rancaging panindak mbokbilih samangke para mudha ngaturaken cihnaning pakurmatan arupi unjukan saha lampiranipun ingkang sarwa prasaja sampun lumados lan kaasta, nuwun sewu kersaa angresepi kaunjuk saha kadhahar samardikaning penggalih tanpa kula angacarani malih.
Wasana cekap semanten ingkang dados aturipun BapakutawiIbu …
Lan kula pribadhi anggen kula matur ugi kathah tuna dungkap saha tumpang suh tuwin ndadosaken runtiking penggalihipun para rawuh, saestu nyuwun samodra pangaksama. Makaten kasekecakna lenggah dumugi saparipurnanipun damel, kanthi akhirul kalam, Wabilahitaufiq Wal hidayah. Wassalamu’alaiku Wr. Wb.  Nuwun!

 PENDALAMAN MATERI

Pambagyaharja  penganten ing ndhuwur wacanen kanthi permati. Banjur komplitana tabel ing ngisor iki!

Cengkorongan Pambagyaharja
Paragraph ka-
Katrangan
         salam pambuka
Kapisan (1)

atur puji syukur marang Pangeran


atur kasugengan, kairing atur panuwun


wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah


atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhi)


panutuping aturutawisalam



Tidak ada komentar:

Posting Komentar