PARIKAN LAN WANGSALAN
A.
Parikan
a.
Parikan inggih menika unen-unen awujud
ukara rinonce migunakake basa kang endah kanthi kawiwitan, ingkang dumadi
saking kalih utawi sekawan gatra.
b.
Tithikaning parikan
1. Nggadhahi
purwakanthi ab-ab.
2. Menawi
kadadeyan saking kalih baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho
minangka isi. Nanging menawi dumadi saking patang baris, baris 1-2 sampiran,
baris 3-4 dipunwastani isi.
3. Parikan
dipunginakaken kangge medhar werna-werna kahanan, nyindhir alus, pitutur,
nyemoni utawi gojegan wonten ing pacelathon.
c.
Jinising Parikan
1. Parikan
padinan, inggih menika parikan kang pambuka lan isinipun rinakit wonten ing
ukara salarik. Dipunwastani padinan amargi kerep lan gampil kangge micara saben
dinten.
Tuladha:
-
Bir temulawak, lambe njudhir ketatap
cagak.
-
Santen duduhe klapa, cekap semanten atur
kula.
-
Sirah ketatap cagak, pasrah nasibe awak.
2. Parikan
Lamba, inggih menika parikan kang rinakit saking rong gatra. Gatra sepisan
minangka pambuka dumadi saking patang wanda lan patang wanda (4-4 suku kata). Dene gatra ingkang kaping
kalih ugi dumadi dumadi saking patang wanda lan patang wanda (4-4 suku kata) minangka isi. Rumusipun 2 = 4
+ 4, tegesipun dumadi saking kalih gatra, saben gatra 4 wanda 4 wanda.
Tuladha:
a. Omah
gendheng, disaponi
4 wanda
4 wanda
Abot enteng, dilakoni
4 wanda 4 wanda
Omah
gendheng disaponi (pambuka)
Abot
entheng dilakoni (surasa)
b. Pitik
walik, wiwit
lancur
4 wanda
4 wanda
Rakyat cilik, aja ngawur
4 wanda
4 wanda
Pitik cilik, wiwit lancur (pambuka)
Rakyat cilik, aja ngawur (surasa)
3. Parikan
Rangkep
Inggih menika parikan ingkang rinakit rong gatra,
gatra sepisan minangka pambuka kadadosan saking 4 wanda banjur 8 wanda. Wondene
gatra kaping kalih kadadosan saking 4 wanda lan 8 wanda minangka isi. Dados
rumusipun 2 = 4 + 8 tegesipun rong gatra saben gatra 4 wanda 8 wanda.
Tuladhanipun:
a. Kembang
duren, tibane tepining kalen
4
wanda 8 wanda
Aja
dahwen, yen sira kepengin kajen
4
wanda 8 wanda
Kembang
duren, tibane tepining kalen (pambuka)
Aja
dahwen, yen sira kepengin kajen (isi)
b. Manuk
emprit, mabur dhuwur nyocok kurma
4 wanda 8 wanda
Dadi
murid, budi luhur tatakrama
4 wanda
8 wanda
Manuk
emprit, mabur dhuwur nyocok kurma (pambuka)
Dadi
murid, budi luhur tatakrama (isi)
B.
Wangsalan
Wangsalan inggih menika bangsane cangkriman utawi
bedhekan, batanganipun utawi wangsulanipun dipunsebat wonten ing ukara candhakipun
kanthi kaslamur. Bentenipun parikan lan wangsalan inggih menika wangsalan boten
kaiket dening guru lagu, nanging kaiket dening cangkriman lan ugi wonten
wangsulanipun. Gunanipun wangsalan inggih menika kangge medhar kahanan ingkang
maneka warna, nyindhir alus, lan pitutur.
A. Jinisipun
wangsalan
1. Wangsalan
padinan, inggih menika wangsalan kang prasaja lan batangan utawi wangsulanipun
wonten ing ukara candhakipun.
Tuladha:
a. Tumindak
iku aja mung bumbune rokok, ngawur
tanpa waton!
Bumbu rokok iku jenenge
uwur.
b. Ngembang
duren, dadi murid kok ongap-angop.
Kembang duren iku jenenge dlongop.
2. Wangsalan
Lamba
Wangsalan ingkang dumadi saking 4 wanda
lan 8 wanda jroning salarik.
a. Welut
wana, kula mas namung saderma.
Welut wana arane ula. Mulane dadi kula.
b. Balung
geni, niki namung mbok menawa.
Balung geni diarani mawa. Mulane dadi menawa.
3. Wangsalan
rangkep
Wangsalan
ingkang kadadosan saking 2 larik, saben larik 12 wanda. Tuladhanipun:
a. Jenang
sela wader kalen sesondheran (12 wanda)
Apuranta
yen wonten lepat kawula (12 wanda)
Jenang
sela jenenge apu. Mulane dadi apuranta. Wader kalen jenenge iwak sepat. Mulane dadi tembung lepat.
b. Bantal
dawa parabe narpati karna (12 wanda)
Kudu
eling tindak kang nora prayoga (12 wanda)
Bantal
dawa jenenge guling. Mulane dadi
tembung eling. Narpati karna ratu
ing ngawarga. Mulane dadi tembung prayoga
4. Wangsalan
Tembang
Wangsalan
ingkang wonten ing sajroning tembang, mila banjur manut kalihan syaratipun
tembang kalawau. Tuladhanipun :
Pangkur
( 7 gatra)
Jirak
pidha munggwing wana
Sayeng
kaga ng
werekta
kang nuroni
Nyenyambi
kalaning nganggur
Wastra
tumpraping mastak
Pangikete
wangsalan kang sekar pangkur
Boan
sabin ing nawala
Kinarya
langen pribadi
Katrangan:
Jirak
pidha munggwing wana iku kesambi
Sayeng
kaga iku kala, lan werekta kang
nuroni iku anggur
Wastra
tumpraping mastak iku iket
Boan
sabin ing nawala iku karya
Tidak ada komentar:
Posting Komentar