Kamis, 10 Juli 2014

Sastra_Kasusastran Jawa



Tembung kasusastran asale saka tembung susastra. Susastra kuwi seni basa. Gandheng susastra ngandhut seni, mula sing digarap klebu kaendahan basa. Endah kuwi relatif miturut maneka warna jinis kahanan lan faktor. Nanging basa kang endah kuwi lumrahe asipat utuh, imbang, lan cetha. Dadi wis cetha kang bakal dirembug sajroning kasusastran yakuwi bab seni sastra.

A.     Paribasan
    Paribasan yakuwi unen-unen kang gumathok, lan lugu saengga gampang dimangerteni tegese. Paribasan kerep nggunakake purwakanthi supaya basane endah.
a.       Becik ketitik, ala ketara tegese apa kang becik kuwi bakal ketitik lan kang ala bakal konangan lan ketara alane.
b.      Desa mawa cara, negara mawa tata tegese saben bebrayan ing dhaerah duwe aturan, lan adat kang dicakake saben dinane. Mula tamu kang mlebu ing dhaerah kudu manut aturan lan  adat wong dhaerah kono.
c.       Sapa salah, seleh tegese sapa wae kang salah bakal kalah.
d.      Anak polah bapa kepradah tegese yen anak tumindak ala wong tuwa melu tanggungjawab amarga bocah durung diwasa.
e.       Alon-alon, waton kelakon tegese sanajan alon-alon nanging nganggo waton ing tembe bakal kasembadan apa kang dikarepake.
f.       Eman-eman ora keduman tegese karepe eman nanging awake dhewe ora keduman.
g.      Jer basuki mawa bea tegese samubarang gegayuhan mbutuhake ragad.
h.      Sepi ing pamrih, rame ing gawe tegese nindakake pegaweyan kanthi ikhlas.
i.        Ulat madhep, ati manteb tegese niyate wis manteb tenan.
j.        Yitna yuwana mati lena tegese kang ngati-ati bakal slamet, kang sembrana bakal cilaka.

B.     Saloka
    Saloka yakuwi unen-unen kang nganggo umpama utawa kahanan kang diumpamakake. Dene tegese cetha gumathok.
a.      Palang mangan tanduran tegese kang diwenehi kapitayan njaga malah ngrusak.
b.      Asu gedhe menang kerahe tegese wong kang dhuwur kalungguhane utawa pangkate mesthi wae gedhe panguwasane.
c.    Mburu uceng kelangan dheleg tegese golek barang liya kang durung karuwan malah kelangan kang luwih gedhe kang wis diduweni saiki.
d.      Tumbak cucukan tegese wong kang seneng wadul.
e.       Kebo kabotan sungu tegese wong mlarat akeh anake dadi rekasa uripe.
f.        Idu didilat maneh tegese murungake janji kng wis diucapkake.
g.      Nguyahi segara tegese tumindak kang tanpa guna.
h.      Timun mungsuh duren tegese wong cilik mungsuh panguwasa mesthi kalahe.
i.        Timun wungkuk jaga imbuh tegese mung kanggo ganepan yen kurang.
j.        Tulung menthung tegese ketoke nulungi malah ngrusuhi.

C.       Pepindhan
     Pepindhan yakuwi unen-unen kanggo nggambarake kahanan kanthi cara ngemperake utawa irib-iriban marang samubarang. Tujuwane yakuwi mung kanggo bangetake swasana utawa kahanan. Lumrahe pepindhan nganggo tembung kaya.
a.    Tandange kaya banteng ketaton. Banteng kuwi kewan kaya kang manggon neng alas. Yen kena gaman dhweke ngamuk tanpa wedi.
b.    Ayune kaya Dewi Ratih. Dewi Ratih kuwi sagolongane dewi kang urip ing kayangan duwe rupa ayu ora ana kang madhani. Mula saka kuwi, yen ana wong wadon ing alam donya digambarake ayune kaya Dewi Ratih tegese banget ayune.
c.  Baguse kaya Bathara Kamajaya. Bathara Kamajaya yakuwi pasangane Dewi Ratih ing kayangan, dadi baguse ora ana  kang madhani. Kanggo bangetake bagus wong lanang dikandhake kaya Kamajaya.
d.      Begjane kaya nemu cempaka sawakul. Cempaka kuwi sagolongane raja brana.
e.     Bungahe kaya ketiban daru. Daru kuwi cahya cumlorot saka langit jarene lambange kabegjan.
f.   Cep klaklep kaya orong-orong kepidak. Orong-orong kuwi kewan kaya jangkrik, yen surup muni. Nalika ana wong liwat, dheweke kepidak ya mandheg anggone muni.
g.      Tulisane mbata rubuh. Bata yen dirubuhake miring tinata padha ukurane katon rajin. Tulisane miring, kandel tipis, tulisane wong jawa.
h.  Lambeyane kaya blarak sempal. Blarak kuwi godhong klapa, yen sempal gumantung ing dhuwur wit klapa mau diterak angin nggaleyang-leyang.

D.     Sanepa
     Sanepa yakuwi unen-unen kanggo bangetake kahanan kanthi cara ngemperake kahanan marang samubarang nanging wose kosok baline.
a.       Guneme peret beton. Beton kuwi isi nangka, yen dicekel lunyu. Tegese kosok baline yakuwi beton nyatane lunyu, dikandhakake peret. Yen mangkono tujuwane sanepa iki yakuwi kandha menawa gunemane wong kuwi lunyu banget ateges mencla-mencle.
b.      Tembunge pait madu. Madu kuwi legi, yen dikandhakake pait madu tegese guneme manis.
c.   Awake kuru semangka. Semangka kuwi umume gedhe isi banyu legi. Tegese awake lemu banget.
d.      Pikirane landhep dengkul. Tegese kethul banget, utawa bodho banget.
e.       Abot kapuk. Tegese entheng banget.
f.     Utange arang wulu kucing. Wulu kucing ora ketung akehe. Dadi tegese sanepa iki utange akeh banget.
g.      Dedege dhuwur kencur. Tegese cendhek banget.
h.      Kandel kulit bawang. Tegese tipis banget.
i.        Ambune arum jamban. Tegese ambune banger banget.
j.        Aji godhong garing. Godhong garing kang tiba ing lemah ora ana ajine. Mula tegese yakuwi wong kang ora ana ajine utawa ora terhormat.

E.     Jarwa Dosok
    Jarwa dosok utawa kerata basa yakuwi tembung lamba (kata tunggal), najur kaperang wandane, tibane saben wanda dirakit dadi frasa. Kaya-kaya ndawakake wancahan (singkatan).
a.       Weteng = ruwet tur peteng
b.      Kathok = diangkat sitok-sitok
c.       Mantu = dieman-eman yen metu
d.      Bapak = bab apa wae pepak
e.       Anak = kudu ana lan enak
f.       Batur = embat-embating pitutur
g.      Sopir = yen ngaso mampir
h.      Sinom = isih enom
i.        Sirah = isine mberah
j.        Prawan = peparane awan-awan
k.      Tandur = nata karo mundur

F.    Rura Basa
     Rura basa uga diarani salah kaprah yakuwi tetembungan yen dinalar luput ananging kerep dadi unen-unen ing bebrayan. Kaya-kaya wis lumrah.
a.       Nggodhog wedang. Kang bener nggodhog banyu kanggo gawe wedang.
b.      Ndheplok gethuk. Ndheplok tela kanggo gawe gethuk.
c.       Adang sega. Adang beras kang bakale dadi sega.
d.      adang esuk. Adang ing wayah esuk.
e.       Menek pelem. Menek wit pelem.
f.       Negor klapa. Negor wit klapa.
g.      Nguleg sambel. Nguleg lombok kanggo gawe sambel.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar