PANATACARA MIWITI ADICARA PAWIWAHAN
Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih
wilasanipun Gusti ingkang Maha Agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga
kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala, satuhu. Mligi tumrap
para rawuh ingkang angrasuk agami Islam.
Assalamualaikum
Wr. Wb.
Para sesepuh myang pinisepuh ingkang pantes
sinungkeman, para sanak kadang sentanawarga pamong mitra ingkang tansah
sinambrama ing pamboja, para rumaja putra rumaja putri ingkang tansah kinasih
ing Gusti, waradinipun dhumateng sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha
minulya.
Sagah kajibah mingkuh katempuh, mestuti
dhawuhipun pamangku gati nun inggih bapak Yongki sekaliyan keparenga kula pun
Nadia marak ing ngarsa panjenengan awit ing titiwanci punika kula kadhawuhan
mranatacara wonten ing pawiwahan dhaupipun Nimas Ayu Kumala Sari putrinipun
bapak Yongki sekaliyan, kaliyan dhimas bagus Husni Nugroho priyatmajanipun
bapak Taat sekaliyan ingkang saking Brebes.
Para rawuh kakung putri wreda mudha minulya. Burat
padha tresning putra, sisa brama welut wisa. Hambok bilih wonten lumunturing
sih. Mugi keparenga kula angaturaken reroncen lampah-lampahanipun tatacara
pawiwahan ing siyang punika ingkang asasana ing Desa Sukamaju, Salatiga
amarengi hari Jumat surya kaping 3 warsa 2014 Masehi.
Menggah reroncening tatacara pawiwahan ing
siyang menika nuninggih.
1. Sepisan
pambuka utawi purwaka
2. Ingkang
angka kalih, praptanipun calon penganten priya ing sasana hargya tumunten
kalajengaken pasrah panampining pengantin priya. Pasrah pengantin priya badhe
mangke badhe katindakaken dening ibu Isna Maroh, dene panampi mangke badhe
katindakaken dening ibu Three Sussanthy.
3. Purnaning
pasrah panampi penganten priya tumunten badhe kadhaupaken nut tatacara adat
Jawi tilaranipun para leluhur linuhung Jawi.
4. Panggihing
pengantin ing mangke badhe keregengaken dening ibu Nikmah Sholikhah saking
sanggar rias Sulistya ing Warni kalebet tatacara candakipun ngantos sungkeman utawi
ngabekten sedaya mangke badhe kapratitisaken dening rising juru paes.
5. Tatcara
candakipun atur pambagyaharya saking pamangkugati sekaliyan ingkang badhe
katindakaken dening bapak Wimar Aditya.
6. Sakaparipuraning
pambagyaharja, para rawuh kepareng paring pudyasta warja, pudyastuti dhumateng
pengantin kekalih minggahipun ingkang sami mangun bebesanan kanthi ajawat asta.
7. Saksampunipun
paring pangestu kanthi ajawat asta, para rawuh ingaturan tumuju ing sasana
bujana saperlu mundhut unjukan sarta dhaharan ing kang kasamaptakaken dening
para kadang biyantu ing reh bujana nuninggih para kadang saking Barokah Catering. Mekaten kalawau reroncen
lampahing tatacara pawiwahan ing siyang punika. Ing salajengipun sinambi nengga
tumapaking adicara saha tatacara sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken
hanyekecakaken lenggah sinambi mangun oneng mangun rarasruming driya utawi
kangen-kangenan. Sumangga nuwun.
NUTUP ADICARA PAWIWAHAN
Para
rawuh ingkang dhaht kinurmatan setunggal baka setunggal lampahing tatacara
pawiwahan ing siyang menika sampun katindakaken kanthi raharja. Wahyaning mangsa
kala wus ndungkap titipurnaning pawiwahan. Wonten ing sungapaning pawiwahan
kula pun Wisnu Pratama ingkang piniji pinitaya minangka panatacara hambok bilih
anggen kula angayahi jejibahan wonten galap gangsuling atur kiranging subasita
myang tatakrami kula nyuwun lumunturing sih samudra gung pangaksami.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar