Endi
Janjimu?
Apa kowe lali obahe lathi?
Ning pratelan prasetyanmu
ngumandhang
Kowe janji kepati-pati
Tumekaning wayah kang mesthi
Endi?
Nyatane kowe ora nyunggi janji
Mblenjani kanthi lali
Janjimu mung ing lathi
Pancen kowe dudu nabi
Kena bola-bali lali
Nanging aku tansah ngenteni
Nganti kowe netepi janji
Tidak ada komentar:
Posting Komentar