Sabtu, 05 Juli 2014

Sastra_Mesem Ngguyu



Ngirim Surat

Roni didangu dening ibu gurune amarga nalika ora mlebu sekolah dheweke ora ngirim surat utawa menehi kabar. 

Guru    : “Roni, kenapa wingi awakmu ora mlebu sekolah?”
Roni    : “Em ... ngapurane nggih Bu, kala wingi kula lara untu.”
Guru    : “Owalah, sesuk maneh yen ora mlebu kuwi ngirim surat marang Bu Guru ya!”
Roni    : “Boten ah, Bu, wegah.”
Guru    : “Lha kok bisa wegah kenapa, Ron?”
Roni    : “Rumiyin nalika kula boten mlebet sampun ngirim surat, nanging ngantos sakniki dereng dibales dening Bu Guru.”
Guru    : “Oallaaahhh ... Roni ... Roni!”



Adzan Magrib

Nalika ngaso sekolah, Husni lan Andi omong-omongan neng ngarep sekolah. 

Husni   : “Hus, yen sasi pasa acara tv kang mbok senengi apa?”
Andi    : “Emm ... aku paling seneng kuwi lho acara syiar agama bocah cilik-cilik  ing Indosiar.”
Husni   : “Wah, luwih apik acara kang tak senengi Ndi! Acara iki paling ditunggu-tunggu dening wong-wong kang padha pasa ing wulan Ramadhan!”
Andi    : “Mosok ta? Acara apa kuwi ?”
Husni   : “Adzan Magrib ta yaa!”
Andi    : “Owalah ... ya bener!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar