Pidhato
Pidhato inggih menika
ngandharaken gagasan, panemu, utawi osike manah sarana lisan wonten ing sangajengipun
priyantun kathah.
Cengkorongan
Pidhato:
1. salam pambuka
2. pambuka
3. surasa
4. panutup
5. salam panutup
Peranganipun pidhato.
1. Salam Pambuka
Wosipun ngucapaken
salam marang para rawuh utawi tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakormatan.
Tuladhanipun tembung nuwun, Assalamualaikum, Sugeng dalu, sugeng siyang utawi
salam sanesipun.
2. Basa Rinengga
Basa rinengga inggih menika
basa ingkang dipunpaesi dados basa ingkang endah, merbawani lan ngresepake.
Tuladhanipun basa rinengga:
Linambaran kanthi hamemuji konjuk
ngarsaning Gusti, mugi kula lan panjenengan sedaya pinaringan rahayu slamet.
Mugi katentreman, karaharjan saha kawidadan tansah kajiwa kasarira kula
panjenengan sedaya waradin sagung dumadi. Amin.
2. Atur
pambagyaharja
Atur
pambagyaharja inggih menika sesorah ingkang wosipun ngaturaken pawarta karaharjan
utawi kaslametan dhumateng para tamu, priyayi ingkang dipunajak guneman. Wonten
ing Basa Indonesia inggih menika tembung "pambagyaharja” ingkang dipunwastani
“ucapan/sambutan selamat datang”.
Tuladhanipun:
Minangka
purwakaning atur, keparenga kula ngaturaken pambagya wilujeng. Saha ngaturaken
gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan tumrap rawuhipun panjenengan sedaya.
3. Ukara
Pambuka
Wosipun
inggih menika ngaturaken sugeng rawuh marang para tamu/para rawuh. Wiwit saking
ingkang dipunajeni langkung rumiyin disebat, banjur muji syukur saha panuwun marang Gusti ingkang Maha Agung supados ingkang dipunlampahi saged lancar, boten wonten pepalang
menapa. Ingkang ngrasuk agama islam mangga kula aturi maos basmalah sesarengan.
4. Surasa
basa/isi pidhato
Wosipun
pidhato gumantung marang kaperluan lan hajate anggenipun ingkang kagungan kersa
saha ancasipun. Tuladhanipun adicara pepisahan siswa kelas XI, pengetan dinten
Kartini, ceramah bab kabudayan, agama, politik saha sosial.
5. Ukara
panutup
Wosipun nyuwun pangapunten dhateng para
rawuh bilih anggenipun matur wonten klenta-klentunipun, pangajeng-ngajeng, saha
kekudangan tumrap para rawuh. Tuladhanipun: Mugi-mugi kanthi rawuh kanca-kanca
saged nambahi nikmat iman ............. lsp.
6. Salam panutup
Wosipun sami utawi badhe sami kalihan
salam pambuka. Tuladhanipun : sugeng siyang, sugeng dalu, saha Wassalamualaikum
Wr. Wb.
a) Waosen
pidhato ing ngandhap menika kanthi seru!
TANGGAP
WACANA NAMPI PEPISAHAN SISWA SAKING
WALI
KELAS SEWELAS
Assalamua’alaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang
tansah kula urmati, Bapak Ibu ingkang dahat kinurmatan, saha siswa-siswi kelas
sanga ingkang tansah kula tresnani.
Puji syukur tansah kula
aturaken Dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun angluberaken
rahmat sarta hidayahipun dhumateng kula lan panjenengan sami.
Raka kelas sewelas ingkang
kula tresnani, ingkang sakedhap malih badhe nilaraken pawiyatan SMP As-Sunah
Semarang menika. Awrat sejatosipun kula minagka wakil kelas sewelas, anggen
kula ngaturaken panampi atur pepisahan saking raka kelas sewelas. Awit raka
kelas sewelas ingkang boten namung kula anggep sadherek piyambak, nanging
kados-kados patuladhanipun sampun kadi dene mahasiswa-mahasiswa. Boten sakedhik
tuntunan ingkang migunani tumrap siswa-siswa sumarambah dhateng
pemudha-pemudhi. Samenika badhe ngoncati pawiyatan ingkang tansah kita tresnani
menika. Nanging kados pundi malih kados ingkang sampun kaaturaken wakil raka
kelas kalih welas, bilih wonten pepanggihan tamtu badhe wonten pepisahan. Jer
kula lan panjenengan sami namung manungsa limprah boten kuwawa nyelaki
pepesthening dumadi. Kados bremana-bremani boten badhe salaminipun ngancani
hapsara-hapsari.
Raka
kelas kalih welas, kula ndherek bingah dene sampun purna anggenipun ngudi
kawruh saking pawiyatan menika kanthi nganthongi Surat Tanda Kelulusan. Pramila
kula boten kuwawa nggondheli malih anggen panjenengan badhe nglajengaken sinau
wonten pawiyatan luhur utawi ingkang nyambut damel ngantos kadumugen gegayuhan
panjenengan. Bebasan sapa tekun bakal tekan, mugi-mugi sedaya ingkang dados
gegayuhanipun raka kelas kalih welas saged kasembadan. Pindhaning Arjuna badhe
dipunayomi dewa-dewi ing kayangan.
Raka
kelas kalih welas ingkang satuhu kula tresnani. Kula minangka sesulih kelas
sewelas ngaturaken agunging panuwun dene raka kelas kalih welas sampun paring
pitedah saha bimbingan ingkang kathah paedahipun. Kula boten saged atur piwales
menapa-menapa, namung atur pandonga dhateng ngarsanipun Pangeran mugi sedaya
amal kasaenan panjenengan angsal piwales. Kula tansah ngaturaken agunging
panuwun dene panjenengan kersa paring pitedah dhumateng rayi kelas sewelas.
Kula namung saged atur pepuji dhumateng raka kelas kalih welas mugi-mugi
pangangkah badhe nglajengaken wonten ing pawiyatan luhur ingkang
dipunidham-idhamaken sageda kasembadan.
Wasana,
kula cekapi atur panampi pamitan menika, menawi wonten kalepataning atur kula
tansah nyuwun agunging samudra pangaksami. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Materi
Menulis Wacana Persuasi Dalam Bentuk
Naskah Pidhato
Pidhato inggih
punika proses paring informasi marang tiyang kathah ngengingi satunggaling tema
ingkang asipat satu arah. Wacana
persuasi inggih menika karangan ingkang ancasipu mempengaruhi para pamaos. Wacana menika betahaken data minangka
panyengkuyungipun. Wonten ing salebetipun pidhato, persuasi menika sanget
wigati kangge ngajak para pamireng supados saged tumindak ingkang langkung sae.
Caranipun damel wacana persuasi ingkang
awujud pidhato:
1.
Nemtokaken tema pidhato;
2.
Ngempalaken data-data ingkang trep kalihan
tema kangge mantepaken pangajak tumrap ingkang mirengaken.
3.
Ngrantam rangka wacana pidhato;
4.
Ngembangaken rangka wacana pidhato dados
paragrap
5. Editing;
6.
Dipunketik malih lan saged dipunaturaken
dhateng pamidhanget.
Narkoba
Yekti Mbebayani
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Katur
panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati,
kanca - kanca ingkang kula tresnani.
Nanging
sakderengipun, langkung rumiyin sumangga tansah ngunjukaken puji syukur wonten
ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih
pinarengaken kepal manunggal kanti pinaringan kasarasan saha kawilujengan amin.
Kepareng
kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal
menika narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media masa
utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri
langkung-langkung agami, awit sinten ingkang ngangge narkoba, tumindak ipun
badhe nalisir saking kasusilan. Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken
tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet penjara gara-gara narkoba. Awit
tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah
anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanesipun.
Narkoba ngrusak jasmani saha rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi,
mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten
sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, mangga sareng-sareng kita tebihi
narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang keseseng
saran, langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka kusumaning mangga
kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi saha merangi narkoba, ampun ngantos
kita gampil kepikut barang ingkang haram menika, ingkang badhe mbeta kita
datheng tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, saha kasusilaan , ingkang
tundhopipun dawah dumateng jurang kesesen saran.
Kula
kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados aken
pepenget tumrap kita sedaya lan ambok bilih agen kula matur katah
kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing
panggalih.
Panutuping
atur Wabillahi taufik wal hidaya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar