Selasa, 15 Juli 2014

Pendidikan_Materi Macapat



MACAPAT

A. Jinising Tembang Macapat

Tembang macapat ugi dipunwastani puisi tradhisional. Tembang macapat menika dipunperang dados tiga, inggih menika:
a)         Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Ingkang kalebet wonten ing tembang macapat inggih menika Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, saha Dandhanggula.
b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)
Ingkang kalebet wonten ing tembang tengahan inggih menika: Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, saha Juru Demung.
c)  Puisi tembang gedhe (kawi)
Ingkang kalebet wonten ing tembang gedhe inggih menika Girisa

B.  Paugeran Tembang Macapat

Tembang macapat kaiket dening paugeran-paugeran ing ngandhap menika.
a.   Guru Gatra
Guru gatra inggih menika gunggungipun gatra saben  sapada. Saben-saben tembang macapat nggadhahi guru gatra ingkang benten-benten.
b.   Guru Wilangan
Guru wilangan tegesipun gunggungipun wanda (suku kata) saben sagatra. Kadosta guru gatra, saben tembang nggadhahi guru wilangan ingkang benten-benten.
c.   Guru Lagu
Guru lagu tegesipun tibaning swara wonten ing pungkasaning gatra ingkang dinulu saking guru gatra, guru lagu, saha guru wilangan.
 
C.   Nglagokake Tembang Macapat

Tembang macapat ing ngisor iki lagokno kanthi irama kang trep !
Pangkur
Jinejer ning wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepa asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak ganyuk nglelingsemi

Tembang pangkur wonten ing nginggil ngemu kawruh utawi nyariosaken tiyang ingkang bodho ananging boten nggagas. Tegesipun mboten ngrumaosi menawi panjenenganipun menika bodho. Dados, ngendikanipun muluk-muluk boten saged dipunnnalar. Ngadhepi tiyang ingkang kados mekaten menika langkung sae kedah ngalah. Ingkang pikiranipun pinter kedah narima ing pandum saha saged njagi pangraos ingkang bodho menika.
Wondene wonten tembang Amaradana nyariosake priyantun (Damarwulan) ingkang pamit marang sisihanipun inggih menika Anjasmara, amargi badhe tindak wonten ing palagan mungsuh Menakjingga (Wurubisma) wonten ing kutha Blambangan (Prabalingga). Gandeng  Menakjingga menika kawentar sekti mandraguna, mila saking menika Damarwulan mesthekaken menawi takdiripun tumeking patiutawilampus sampun caket.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar