Jaman Tuwa
Jaman tuwa jaman
edan
Manungsa ngetut
lakune kewan
Tikus rayab
seliweran
Ngorak-arik
tentreme kahanan
Macan
luwe
Kalakon
mangan kanca dhewe
Ora
cilik ora gedhe
Barang
sapele dadi alesane
Manungsa kelangan
rasa
Penjara digawe
dolanan
Lali karo
sandhangan
Ora ngedan ora
keduman
Elinga...
Urip
ora mung ngalam donya
Aja
edan kagawa jaman
Tobat
marang sing kuwasa
Lebur sakabehing dosa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar