SESORAH
A.
Werdinipun Sesorah
Micara,
sesorah, sambutan, pidhato, ugi ingkang dipunwastani medharsabda menika
ngandharaken gagasan, panemu, utawi osiking manah sarana lisan wonten ing
sangajengipun priyantun ingkang kathah. Tumindak micara menika kalebet sedayanipun
pari-polahing priyantun ingkang mujudaken polahing tumindak, mliginipun obahing
sarira, pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mila sesorah ingkang
dipuntindakaken dening salah satunggaling priyantun saged ugi mboten lumaku
kanthi becik, amargi mboten wonten priyantun ingkang sampurna. Awit saking
menika sesorah kedah dipungladhi, tansah ngangsu kawruh sarta nulad para
priyantun ingkang sampun wasis anggenipun sesorah. Sejatosipun sesorah ingkang
sae menika mboten saderma apalan.
B. Jinising
Sesorah
1.
Sesorah kanthi cara apalanutawimemoriter
Sesorah
kanthi menika juru pamedhar sabda kedah ngasta cathetan utawi seratan rumiyin
banjur dipunapalaken ngantos boten wonten tembung-tembung ingkang kacicir.
Dados boten wonten panemu-panemu enggal saha raos-pangraos amargi sampun
dipunserat sedaya wonten ing salebetipun cathetan ingkang sampun dipundamel. Ananging
menawi wonten apalan ingkang kesupen, saged njalari sedaya apalan ingkang
sampun dipunkuwasani menika ical. Cara menika namung dipunginakaken kangge priyantun
utawi lare-lare ingkang nembe ajar pidhato.
2.
Sesorah kanthi cara naskahutawiteksutawimanuskrip
Sesorah
utawi pidhato cara naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda kedah ngasta
naskah nalika pidhato banjur dipunwaos sedaya. Cara menika padatanipun dipunginakaken
dening para pejabat utawi punggawaning nagari, mliginipun wonten ing
upacara-upacara resmi. Kanthi ancas supados mboten mlenceng saking tujuan,
mboten klentu saha wekdal ingkang sumadya winates. Menawi wonten rembug-rembug sanesipun
antawisipun pejabat kaliyan masyarakat dipunlajengaken wonten ing acara
sarasehan utawi temu wicantenan.
3.
Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu
Pidhato cara
dadakan menika pidhato ingkang mboten dipungagas saderengipun. Mila saking
menika, priyantun ingkang badhe ngayahi sesorah kanthi cara dadakan kedah priyantun
ingkang sampun trampil ing pamicara saha sugih pengalaman ugi kawruhipun.
Kepara pawongan kalawau sampun kalebet tiyang ahli sesorah.
4.
Sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara
menika juru pamedharsabda kedah ngasta cathetan alit (outline) minangka gaman
utawi pangemut-emut urutaning isi ingkang badhe dipunandharaken. Cathetan kalawau
namung isi wos-wosing gati badhe dipunandharaken. Cara menika padatanipun
dipunginakaken dening dwija ingkang badhe mucal wonten ing ngajengipun para
siswa.
C. Caranipun
Sesorah
1.
Nguwasani
bahan utawi perkawis ingkang badhe dipunandharaken
Juru
pamedhar sabda kedah nguwasani bahan utawi perkawis ingkang dipunandharaken sarta wanton anggenipun ngaturi tanggapan tumraping
panyaruwe. Tanggapan menika
kedahipun nggadahi dhasar utawi lelandhesan ingkang boten namung adhedhasar pangandikan kemawon. Mila kedahipun anggadahi sangu kawruh ingkang mumpuni.
2.
Nggadhahi
raos wantun
Juru
pamedhar sabda ugi
nggadhahi
raos
wantun
micara ngadhepi tiyang
kathah.
Amarga saged ugi kawon prabawanipun kaliyan priyantun dipunadhepi. Apamaneh menawin ingkang diadhepi nggadhahi prabawa saha kepinteran ingkang linuwih.
3.
Patrap utawi sikep
Patrap
utawi
sikep kedah ingkang trengginas, tanggap,
manteb, luwes, pantes, wibawa, boten
ingah-ingih,
apamaneh wedinan. Nalikaning jumeneng
kedah jejeg,
boten
ndhoyong, boten cekelan kepara lendhetan cagak. Perlu dipunmangertosi bilih juru pamedhar sabda
utawi
juru paniti laksana sajroning
ngayahi wajibutawijejibahan ugi
dados
pasugatan mungguhing para
tamu.
Ngegrengutawisemuwa utawi
orane swasana pawiwahan
gumantung ugi saking pjuru pamedhar sabda. Mila kedahipun nggadhahi tata
krama utawi
trapsila inggih menika
solah
bawa,
tindak-tanduk ingkang
prasaja utawi
menapa wontenipun
boten
dipundamel-damel.
Owah-owahanipun pasuryan
katon sumringah anengsemake amarga swasanane nyenengake.
4.
Busana
saha
ngadi sarira
Tegesipun nalika nglampahi jejibahan menawa busana utawi ageman saha ngadi sarira kedah
diselarasake
kaliyan kahanan.
5.
Basa
saha sastra
Basa
minangka piranti utawi
sarana
lelantaran, sesambungan utawi
lung-tinampi
kaliyan
para
tamu ingkang
sami mirengaken. Mila saking
menika basanipun boten basa ndakik-ndakik ingkang boten dipunmangertosi dening ingkang mirengaken, ananging basa ingkang gampang punmangertosi dening tiyang kathah. Pramila basa
ingkang
trep inggih menika
basa ingkang leres tuntunaning
parama-sastra. Pamilihing tembung,
pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho -kenceng, inggil-andhap, cepet rindhik lsp.
Ringkesing basa kudu kedah
komunikatif, tegese kedah
migatosaken:
·
sinten
ingkang
ngajak guneman
·
sinten
ingkang
diajak guneman
·
sinten
ingkang dipunrembag
·
swasananing
nalika guneman
·
sami
mangetosi ingkang dipunrembag.
D. Urut – urutane
Sesorah
1.
Salam Pambuka
Isine ngucapake salam marang para rawuhutawitamu,
minangka tandha sapa aruh lan
pakormatan. Kawiwitan tembung nuwun
utawa salam liyane.
2.
Salam Pamuji
Wosipun
muji syukur saha panuwun marang Gusti ingkang Maha Agung supados ingkang dipunlampahi saged lancar, boten wonten pepalang menapa kemawon.
3.
Isi
Ngaturaken menapa ancasipun sesorah. Tuladha
adicara pepisahan siswa kelas IX,
pengetan dina Kartini, ceramah bab
kabudayan, agama, politik saha
sosial.
4.
Pangarep-arep
Nyuwun donga pangestu marang para rawuhutawitamu
supaya menapa
ingkang
dados
Gegayuhanipun (cita-cita) saged kaleksanan. Tuladha ingkang lulus sekolah saged pikantuk pagaweyan, ingkang ambal warsa saged lancar sekolahipun, ingkang dados temanten saged tentrem anggenipun amemangun bale wisma,
ceramah menapa
ingkang
dipunandharakenutawiditerangke migunani tumrap para rawuh.
5.
Panutup
Isine
nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawi anggonipun sesorahutawipidato wonten kaluputan ing bab basa saha tindak tanduk. Sesorah ditutup
kanthi salam
utawi
nuwunutawimatur nuwun.
E.
TULADHA TANGGAP WACANA LULUS UJIAN
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Nuwun
Alhamdulillahirobil’alamin, asholatu wassalu’alal asrofil
ambyaaki wal mursaliin sayyiidinaa wa maulana Muhamadin wa ‘ala ‘aalihii
washobihi ajma’in. ‘ama ba’du.
Salam kasugengan, salam karaharjan mugi tansah kajiwa,
kasarira, dhumateng kula-panjenengan sedaya. Amin.
Panjenenganipun Bapak Dwija Linuwih, pangarsanipun pawiyatan
SMA Negeri 4 ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;
BapakutawiIbu
guru sarta karyawan SMA … ingkang satuhu sinudarsana; sarta para kanca kelas ….
Ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan
rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT
ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan,
mliginipun nikmat iman ingkang jejeg sarta kalodhangan, satemah kula sedaya
saged makempal – manunggal ing aula SMA N4 kanthi kabagaswarasan lan
kawilujengan ingkang tansah tumanduk dhateng angga kita sedaya.
Para Bapak, Ibu, tuwin para lenggah sedaya, kula minangka
badal wakil sarta wod lumaraping atur para kanca kelas XII , mboten kesupen
ngambali atur sugeng rawuh kairing agunging panuwun, dene sampun kersa
angestreni pepanggihan menika.
Kejawi menika, kula ugi ngaturaken panuwun dhateng pangarsa
SMA N4 ingkang sampun kersa nampi sarta mangku sadaya sarana, ubarampe tuwin
samudayanipun amrih cekapipun pepanggihan menika. Mugi-mugi kesaenaning
penggalih kaparingana nugrahaning Pangeran Ingkang Maha Asih. Kula sakanca
nyuwun pangapunten kanthi sanget boten saged nyaosi pinwales menapa-menapa.
Bapak-bapak, Ibu-Ibu Guuru, bapak-Ibu Wali Murid sarta para
kanca sedaya, woosing atur kula sedaya kelas XII ngaturaken agunging panuwun
ing ngarsa Gusti Ingkang Maha Rahiim ingkang sampun paring sih pitulungan
ngantos para kanca siswa kelas XII ing Ujian nasional sarta Ujian Sekolah
wekdal menika saged lulus sarta tamat sedaya. 100%.
Dene ingkang kaping kalih, kula minangka wakilipun para kanca
matur nuwun sanget dhumateng para Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun kersa
maringi piwucal, kawruh, wewarah, tuwin pitedah ingkang murakabi sanget. Boten
langkung kula sakanca nyuwun pangestu mugi-mugi saged ngalengaken sinau ing
tataran ingkang langkung inggil kanthi gangsar. Dene ingkang boten nglajeng
aken, sageda pikantuk pedamelan laras kaliyan kasagedanipun.
Wondene atur ingkang kaping tiga, kula pitados bilih kula
sakanca ruumiyin asring sami nakal, boten nggega dhawuh, nerak angger-anggering
sekolahan, lan sanes-sanesipun. Sadaya wau temtu damel runtikipun penggalih.
Ingkang menika kula sedaya siswa kelas XII rumaos getun keduwung sanget.
Pramila kula sedaya ngasih-asih nyuwun, mugi-mugi para BapakutawiIbu Guru
kersa paring bedhahing tambak samodra pangaksama.
Para BapakutawiIbu Guru, BapakutawiIbu Wali Murid,
sarta para kanca sedaya, mekaten atur kula. Bokbilih wonten kirang sarta
kalepatanipun kula pribadhi nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Akhirul kalam, Wabilahiitaufiq wal hidayah… Wassalamu’alaikum
Wr.Wb.
Nuwun!
F. PENDALAMAN MATERI
Tanggap wacana
mengeti Nuzulul Quran ing ngisor iki wacanen kanthi permati!
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Nuwun!
Alhamdulillahirobil’alamin,
asholatu wassalu’alal asrofil ambyaaki wal mursaliin sayyiidinaa wa maulana
Muhamadin wa ‘ala ‘aalihii washobihi ajma’in. ‘ama ba’du.
Salam
kasugengan, salam karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng
kula-panjenengan sedaya. Amin.
Langkung
rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji
syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng paring
barakah, hidayah, saha inayah-Ipun sarta sih nugraha pangayoman, saengga kula
panjenengan saged nglempak ing papan menika, saperlu ngawontenaken pengetan
dintten agung Nuzulul Qur’an sesarengan.
Sanggyaning
ja maah rakhimakumullah ingkang kebak rahmating Allah,
Ing
dinten menika surya kaping 17 Ramadhan 1444 Hijriyah kula lan panjenengan
sedaya ngawontenaken pengetan Nuzulul Qur’an inggih menika tumurunipun
ayat-ayat suci Al Qur’an ingkang kawahyokaken dhumateng Kanjeng Nabi agung
junjungan kula panjenengan, nabi Muhammad SAW, ingkang kadadosan saking 30 juz,
114 surat lan kaprinci dados 6666 ayat.
Salajengipun,
kula ngaturaken panuwun dhumateng kaum muslimin lan muslimat ing wilayah
padhukuhan ngriki, ingkang sampun paring pambiyantu awujud menapa kemawon
ingkang loyogipun kangge nyekapaken sedaya kabetahan pengetan menika, mugi
sedaya amal kesaenan tinampi Allah SWt lan pikantuk lelintu ganjaran ingkang
murwat. Amin.
Ugi
dipunaturaken agenging panuwun wonten ngarsanipun BApak Al Mukaram KH Dimyati
sakingBogoringkang ing samangke badhe paring pangaosan Nuzulul Qur’an, mugi
saged nambahi kandeling iman lan taqwa kula sarta panjenengan sedaya. Amin.
Pengetan
dinten ageng menika, sayektosipun sampun karancang, karacik tharik-tharik amrih
rancag, sae saha maremaken sedayanipun. Nanging sedaya wau inggih kapurba
saking cubluking para sanak kadang kalebet kula piyambak, saha kiranging
seserepan, pramila kapeksa kthah cecer cewet ing samudayanipun. Pramila saking
menika,sedaya kekirangan sarta kalepatan kula sedaya, awit saking namaning
panawung kridha (panitia) tansah nyuwun agenging pangapunten.
Kantos
waosan Bismillahirohman Nirrohiim adicara menika kawiwitan.
Kula
pribadhi, sedaya lepat saha kasaring atur naming tansah nyuwun pangapunten.
Akhirul
kalam Wabilahi Taufiq wal Hidayah wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Jangkepana
kolom –kolom ing ngisor iki!
Cengkorongan
|
Paragraf
|
1.
salam pambuka
2.
atur puji syukur marang Pangeran
3. atur
kasugengan, kairing atur panuwun
4. wedharing
gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
5. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa,
menawa dadi wakile, lan diri pribadhin)
6.
panutuping atur utawi salam
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar