Senin, 14 Juli 2014

Pendidikan_Materi Wawan Rembag




WAWAN REMBAG

A. NYEMAK WAWAN REMBAG

Nyemak wawan rembag (wawancara) menika salah satunggalipun jinis nyimak ingkang kedahipun dipungadhahi dening  para siswa wonten ing salebetipun piwulangan basa Jawi. Piwulangan nyemak menika nggadhahi ancas kangge nggladhi “kepekaan” para siswa  anggenipun pados utawi nampi informasi. Informasi menika dipungunakaken kangge nyengkuyung ketrampilan migunakake basa sanesipun kadosta wicara saha nyerat nulis.
Piwulangan nyemak wawan rembag menika dilpunlampahi kanthi saperangan cara saha teknik penyajian. kadosta, nyemak langsung utawi nyemak ngangge pirantos rekaman saking kaset utawi video.
Tuladha salah satunggalipun teknik piwulangan nyemak wawan rembag kanthi kegiyatan wonten ing ngandhap menika.

1.  Nyemak wawan rembag saha nyathet bab ingkang wigati sarta mranani ing manah.
Topik wonten ing wawan rembag menika padatanipun benten-benten. Bab menika gumantung saking menapa ingkang dipunbetahaken dening priyantun ingkang wawan rembag saha ingkang nyemak. Wawan rembag saged merak ing manah menawi si penyemak rumaos bilih topikipun menika aktual saha dipunbetahaken.




2.  Ndamel dudutan bab-bab ingkang wigati saha merak ati.
Sasampunipun ditemokake informasi ingkand wigati saha merak ati, lajeng para siswa dipundhawuhi ndamel kelompok saha rembagan bab-bab penting saha merak ati ingkang wonten ing salebetipun wawan rembag kalawau. Midhangetaken saha maspadakaken bab ingkang wigati sarta merak ati kalawau wiwit saking pambukaning wawan rembag tumekaning pungkasaning wawan rembag. Menawi sampun rampung, saben-saben wakil saking kelompok ngandharaken asilipun, kelompok sanesipun maringi tanggapan. Kanthi dhasar tanggapan menika saged ngowahi hasil kerja kelompok dados langkung sae.

3.   Ndamel dudutan  wosing wawan rembag
Saka informasi ingkang wigati saha merak ati kalawau, saben-saben siswa ndamel dudutan saking asilipun wawan rembag. Caranipun kanthi ngrembakakaken bab-bab ingkang wigati sampun dipuncathet dening para siswa kanthi migunakaken tandha hubungutawisambung ingkang gumathok. Cekak-aosipun, dudutan menika dipunserat kadosta ngarang gancaran (prosa) mboten awujud pitakonan-pitakonan malih. Menawi sampun rampung, garapanipun para siswa dipunijolaken kaliyan kancane.
Tlitinen hasil garapan  kancamu kanthi migatekake isi, cara nggunakake ukara, tandha wacan lan ejaan, sarta pase nggawe kasimpulan utawi dudutan. Sakwise kuwi hasil singwisditliti kuwi dilaporake lan ditanggapi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar