Sabtu, 05 Juli 2014

Sastra_Dalan



Dalan

Manungsa ngambah dalan
Dalan cilik dalan gedhe
Dalan kutha dalan padesan
Dalan katentreman dalan panguripan

Dalan kutha kaya kulite kenya perawan
Nanging dalan padesan
Pating gronjal ora karuwan
Apa iki jenenge pemerataan pembangunan ?

Para tani jungkir walik gara-gara dalan
Dalan mumur ajur ora karuwan
Pancen wis padha edan tenan
Sing digatekake mung dalan pasugihan

                                                Dalan duweke nagara
                                                Digawe lan dirumat kanthi wicaksana
Aja nganti mangan aspal dalan
Kang nyebabake cilakane liyan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar