Sabtu, 05 Juli 2014

Kebudayaan_Pasrah Panampi Penganten



Pasrah Penganten Priya

Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha Agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala, satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami Islam.
Assalamualaikum Wr. Wb.
            Sabda minangka panggih, tembung minangka kekenceng, inggih wacana minangka panancang. Netepi darmaning kekadangan turta sampun sumanggem mring sesanggeman, keparenga kula marak ing ngarsa panjenengan, awit ing titi wanci menika kula kadhawuhan dening Bapak Taat sekaliyan kinen matur dhumateng Bapak Yongki sekaliyan.
            Ingkang punika keparenga kul amurweng gati. Ibu Isna ingkang minangka sulih sariranipun bapak Yongki sekaliyan ingkang kinurmatan. Sepisan: kepareng matur bilih sowan kula sakadang saking Brebes ngantos dumugi ing ngriki tansah manggih wilujeng, boten wonten pepalang menapa. Sedaya awit saking berkahing Gusti lumantar panjenengan sedaya.
            Ingkang angka kalih: lumantar kula bapak Taat ngaturaken salam taklim nugi katur dhumateng bapak Yongki sekaliyan. Ngancik ingkang angka tiga, inggih tritiyeng gati. Pisowan kula mestuti dhawuhipun bapak Taat sekaliyan turta jumbuh kaliyan rancangan sowan kula sakadang. Dalu punika sampun anganti calon penganten priya pun Dimas Bagus Husni Nugroho. Pramila tumunten kula pasrahaken dhumateng bapak Aji sekaliyan sinartan panyuwun mugi keparenga amaringi wewarah, wewuruk sangu-sanguning abalewisma.
            Ibu Isna ingkang kinurmatan, sowan kula sakadang ing dalu menika ugi kinanten ubarampe saha sarat sarana ingkang sanadyan wujud sarta ajinipun boten sepintena nanging mugi sedaya saged dados sarat sarana murih raket supeketing kekadangan ingkang antawisipun keluarga bapak Taat lan keluarga bapak Yongki ing ngriki. Sedaya kula pasrahaken dhumateng bapak Yongki sekaliyan.
            Ibu Isna ingkang kinurmatan, kirang trep hambok bilih anggen kula matur anggandhar-andhar angendhukur. Pramila damar mancung cinupet semanten atur kula hambok bilih anggen kula minangka dados sesulih kathah kirangipun keparenga hambedhah kuthaning pangapsami.
            Minangka panutuping atur, Wassalamualaikum Wr. Wb.


Panampi Penganten Priya

Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha Agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala, satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami Islam.
Assalamualaikum Wr. Wb.
          kula minangka talangbasanipun bapak Yongki seklaiyan kepareng kula pun Three Sussanthy nggempil kamardikan para rawuh saperlu ananggepi pangandika bapak Taat sekaliyan ingkang lumantar ibu Isna.
            Ibu Isna ingkang kinurmatan, trajuning sih saking bapak Taat sampu rawuh ing ngriki satuhu adamel bombong sarta mongkokipun manah bapak Yongki sekaliyan. Ingkan punika lumantar kula bapak Yongki sekaliyan ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan.
            Salajengipun ugi sampun kula sampi salam taklim saking bapak Taat sekaliyan tumunten badhe kula aturaken dhumateng bapak Yongki sekaliyan. Ibu Isna ingkang minulyeng budhi. Rawuh panjenengan ingkang sampun anganti caon penganten priya pun Dimas Bagus Husni Nugraha adamel suka gembira manahipun bapak Yongki sekaliyan. Pramila kanthi raos bombong katampi pasrahipun calon pengantin priya.
            Kula ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami tumrap sedaya sih peparingipun. Mugi hamimbuhi manunggaling tekad badhe sesarengan ngumpulaken balung apisah lumantar bebesanan. Salajengipun dhumateng ibu Isna sakadang sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken lelenggahan sinambi paring pangesrtu mugi calon pengantin anggenipun badhe nglampahi daup silakrama benjang enjang tansah pinaringan wilujeng nir ing sambekala.
            Mekaten atur kula hambok bilih wonten atur kul ingkang kirang mranani penggalih panjenengan, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangapsami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar