Selasa, 15 Juli 2014

Pendidikan_Materi Geguritan



GEGURITAN

A.       GEGURITAN  

Puisi Jawa  ingkang dipunwastani geguritan menika kaperang dados kalih, inggih menika:

1.   Puisi Jawa Tradisional, ingkang umumipun arupi tembang.
Puisi menika dipuntembangaken miturut lagu-lagu khusus, ngangge piranti gamelan utawi tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional mboten ssaged dipunpisahaken kalawan tembang.
Puisi tradhisional ingkang awujud tembang jawa kathah sanget jinisipun, kaperang dados tigang perangan ageng :

a)  Puisi tembang macapat (puisi tembang alit)
Ingkang kalebet tembang macapat iggih menika Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, saha Dandhanggula.

b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)
Ingkang kalebet wonten ing tembang tengahan inggih menika : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, saha Juru Demung.

c)  Puisi tembang ageng (kawi)
Ingkang kalebet tembang ageng inggih menika Girisa.

2.         Puisi Jawa Modern dipunwastani geguritan.

Gegayutan geguritan menika kalebet puisi Jawa ingkang taksih enggal  (antawisipun warsa 1926) jinising puisi menika dereng saged katampi wonten ing bebrayan rikala semanten. Langkung-langkung golongan kasepuhan. Mila saking menika, geguritan menika nalika semanten mboten dipunlebetaken wonten sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.
Geguritan kaping pisanan kapacak wonten ing kalawarti lan ariwarti Kejawen (warsa 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (September 1933 ing  Surabaya), Jaya Baya (September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, saha wiwit warsa 1943 nggadhahi lembaran khusus basa Jawi), Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) saha sapanunggalanipun.
Para perintis geguritan menika sami berjuang murih geguritan menika saged katampi saha saged mlebet wonten ing pasinaonan kasusastran Jawi. Asilipun, Subagiyo Ilham Notodijoyo ngupaya ngempalaken geguritan ingkang sumebar wonten ing kalawarti saha ariwarti dados buku ingkang irah-irahanipun  Rerumpakan (nyanyian). Ananging, naskah menika wonten sajroning revolusi ical. Semanten ugi kumpulan geguritanipun piyambak ingkang mawi irah-irahan Geguritan ugi ical.
Para perintis geguritan sanesipun, inggih menika: R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi, lsp.
Sanesipun geguritan, wonten ugi puisi Jawi ingkang arupi parikan saha singir. Parikan  menika puisi Jawi ingkang memper saha nggadhahi titikan kados pantun. Dene singir utawi syair (bahasa Indonesia) inggih nggadhahi titikan sami kaliyan syair wonten sajroning kasusastraan Indonesia.
Mula bukanipun wontenipun geguritan menika diginakaken kangge nyindir utawi nyemoni kahanan urip bebrayan wonten ing masyarakat. Sanesipun menika ugi nggadahi unsur mulang wuruk bab-bab tartamtu. Ananging saya dangu, geguritan menika nggadhahi teges puisi ingkang bebas. Bebas saking iketaning tembang saha bebas anggenipun nyariosaken menapa kemawon.

B. Unsur-Unsur Batin Geguritan

Unsur-unsur ingkang kinandhut wonten sajroning geguritan dipunwastani  unsur batin. Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kalebet  unsur batin  geguritan.

·Tema, tegesipun punjeraning bab ingkang ndadosaken geguritan menika saged dumados. Utawi gagasan pokok ingkang dipunkersaaken dening panyerat.
Tuladhanipun tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.

·Ros - Pangraos
Tembung-tembung ingkang dipunginakaken wonten sajroning geguritan nggadhahi teges saha fungsi kangge manjilmakaken rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa menika gadhah sipat rowa saha kompleks. Ingkang kalebet rasa-pangrasa kadosta: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lsp. 

·Nada utawi lagu
Tegesipun patrap (sikap) ingkang diginakaken wonten sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawi patrap sanesipun.

·Suasana
Tegesipun kahanan batinutawijiwa pamaos sasampunipun maos geguritan. Dados, geguritan nggadhahi ancas kangge amemangun suasana batos pamaos geguritan.

·Amanat ingkang dumunung wonten ing geguritan geguritan
Tegesipun bab ingkang pengen dipunandharaken dening panyerat marang pamaos. Amanat menika mboten dipunserat kanthi terang trawaca ananging sinandhi wonten pangrakiting tembung-tembung.

C. Unsur- unsur Lahir Geguritan

Ingkang sinebut struktur lahir geguritan menika kahanan bab menapa kemawon ingkang saged dipunpirsani utawi dipunpadosi wonten ing tembung-tembung ingkang rinakit wonten sajroning geguritan. Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kalebet struktur lahir geguritan.

·Pinilihing tembung
Pinilihing tembung ugi dipunwastani diksi. Tembung-tembung ingkang wonten sajroning geguritan padatanipun nggadhahi teges ingkang konotatif, asipat polisemi, saha nggadhahi teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung ingkang jumbuh saged ngasilaken imajinasi ingkang manjila.

·Majas
Majas utawi gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNNES) dipunwastani lelewaning basa. Majas utawi lelewaning basa menika dipunginakaken kangge nambahi grengsengipun geguritan.

·Rima
Rima utawi sajak utawi persamaan bunyi menika kangge nyiptakaken kaendahan saha kekuatan sawijining geguritan.

·Tipografi
Tipografi  menika larik-larik utawi gatraning geguritan ingkang dipunserat mawi pada utawi bait. Bab menika ingkang mbentenaken antawisipun geguritan saha gancaran.

D.   Jinisipun geguritan 

Geguritan jinisipun wonten kalih :

1. Geguritan gagrak lawas
Geguritan menika ngginakaken basa jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.

Paugeranipun geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika: 

a.    Cacahipun gatra mboten ajeg, nanging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan gatra.
b.   Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami
c.    Dong-ding utawi guru lagunipun sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut inggih punika ngangge purwakanti guru swara.
d.   Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun gegurit” nanging mboten ateges saben padautawibait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” naming wonten nginggil piyambak. 

Tuladha:
Sun gegurit,
Wateke wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakeh janji

2.     Geguritan gagrak anyar

Geguritan gagrag anyar ngginakakén basa Jawa jaman samenika lan dipunserat ngangge aksara latin, lan sampun ngginakakén kertasutawi dluwang. Geguritan gagrag anyar mboten kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun gegurit”, sampun mboten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising geguritan gagrag anyar menika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.
 
E. TULADHA GEGURITAN

Dongeng ing Mangsa Rendheng
Dening Dyah Hadaning

Angine midid ing wit kenari
Ngawe-awe mendhung ing langit Dhesember
Sansaya nggamang sansaya ireng

Ana sing ura-ura sajake nambani ati lara
Amarga kapange ing Kalasuba
Isih dadi impen dawa
Tlesihna swarane sapa satemene kuwi
Aja-aja kuwi sawarane atimu dhewe
Apa malah swarane atiku?

Mangsa rendheng wis nyapa bumi
Durung-durung wis branyak kabar sengsara
Ana banjir tanpa wara-wara
Ana gunung kirim pratandha
Ana lemah jugrug ora aba ora rembug

Oh, Bapa  anak-anakmu sing suwe padha sulaya,
Padha isih durung rumangsa,
Malah uga durung nglilir,
Wis meh rampung tembange ilir-ilir,
Apa mula wegah nglilir,
Apa pancen nuranu wis kapuntir,
Kamangka wis makaping-kaping,
Leluhur paring sasmita, “gustimu, gustimu,
Eling mertobat marang gustimu
Kae, ana geni makantar-kantar
Kae, ana jiwa kabrongot lan kabakar
Ana sing alok, “ sapa kuwi ribut ing ukara”
Minggira, yen ora sira bakal binanda
Aku nyoba, Bapa!


Geguritan ing nginggil menika nyariosaken menawi kahanan donya menika sampun sepuh kados ingkang wonten ing irah-irahanipun “Donya wis Lungse” saha wonten pada pungkasan ingkang ungelipun “Sajake padha kelalen, donya wis watara lungse, kari ngenteni, tancap kayone.” Tegesipun (ngangge basa gancaranutawibebas sajake para manungsa padha kelalen , ndonyane wis tuwautawilungse, kari ngenteni tamateutawitancep kayon).
Kedahipun menawi donya sampun lungse utawi sepuh menika saya nggenah saha becik ingkang dipunlampahi dening umat manungsa. Saya cetha nglegewa ancasipun tiyang gesang. Nanging kasunyatanipun, malah kathah ingkang bingung ngluri ancasipun gesang. Donya mboten saya jenjem, nanging umyeg kadosta pasar.

F.   PENDALAMAN MATERI

Kanthi sangu seserapan struktur lahir saha batin geguritan ing nginggil menika, gawea geguritan kanthi topic ing ngandhap menika!
·Katresnan
·Kaendahaning alam
Pakarti kang adiluhung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar