Sabtu, 05 Juli 2014

Sastra_Cerita Wayang Ramayana



Sayembara Ngangkat Gandhewa

              Prabu Dasaratha, raja Ayodya duwe bojo prameswari aran Dewi Kosalya (Sukasalya) lan bojo selir aran Dewi Kekayi uga Dewi Sumitra. Saka Dewi Kosalya peputra Raden Ramawijaya, saka Dewi Kaikeyi peputra Bharata, lan saka Dewi Sumitra peputra kembar aran Laksmana lan Satrughna. Ing sawijine dina, ana resi sing jejuluk Rsi Wismamitra njaluk tulung karo Raden Ramawijaya supaya mbebasake pertapane saka para raksesa. Ramawijaya didherekake Laksmana banjur mangkat. Ing pertapan iku, Rama lan Laksmana kasil mateni kabeh raksesa. Awit saka wejangane Rsi Wiswamitra, Rama lan Laksmana tumuju nagara Mithila (Manthili) saperlu melu sayembara ngangkat gandhewa kang dianakake raja Janaka. Sapa kang menang bakal dadi sisihane putri raja Janaka, Dewi Sinta.
`             Sayembara dina iku kawiwitan ananging mung sedhela amarga mung sethithik sing ngleboni sayembara iku. Raja Janaka ora tentrem penggalihe amarga para satriya durung ana sing kuwasa ngangkat gandhewa. Lagi wae raja Janaka arep ndhawuhake bubare pasewakan, katungka sowane sinatriya Ramawijaya lan Laksmana sing bakal ngleboni sayembara. Akeh para raja sinatriya sing rumangsa luwih gagah gedhe dhuwur padha ngguyu neng batin ngira yen Ramawijaya ora bisa mugkasi gawe. Beda karo penggalihe raja Janaka kang wis bisa nitik yen Ramawijaya kuwi satriya pinunjul kang bakal bisa mupu sayembara.
              Sawise raja Janaka paring palilah, Ramawijaya tumuju ing panggonane gandhewa. Ramawijaya banjur atur sembah marang raja Janaka kang lenggah ing panggungan jejer karo putrine Dewi Sinta. Nalika iku, nadyan mung saklebatan tempuking paningal Ramawijaya klawan Dewi Sinta gawe getering ati sing ora kena dilirwakake.  Sawise Ramawijaya nyembah marang raja Janaka, kanthi pangati-ati banjur ngangkat gandhewa. Ramawijaya kasil ngangkat gandhewa, awit saka iku Ramawijaya didhaupake karo Dewi Sinta. Dewi Sinta diboyong  neng Ayodya karo Ramawijaya lan Laksmana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar