Sabtu, 05 Juli 2014

Pendidikan_Latihan Soal SMP VIII/I



LATIHAN SOAL BAHASA JAWA
KELAS VIII SMP SEMESTER I

I.     Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d, kang mbok anggep trep!


Wacan kanggo soal nomer 1-3

     Kacarita, Dasamuka nyulik Dewi Shinta nalika ana ing alas Dandaka. Awit saka kuwi, rama perang nglawan Dasamuka kanggo ngrebut Dewi Shinta saka tangane Rahwana. Dasamuka ora bisa mati sanajan wis dirajam nganggo gaman werna-werna. Hanoman kang minangka titisane dewa ngangkat gunung kanggo nindhihi awake Dasamuka. Dasamuka kang salah bisa dikalahake dening Anoman kaya paribasan sapa salah bakal seleh, wong kang salah bakale kalah. Dasamuka kapendhem urip-urip ana ing ngisor gunung. Gunung kuwi diarani Gunung Ungaran.

1.    Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yaiku ...
a.    Rama Shinta
b.    Hanoman Sekti
c.    Gunung Ungaran
d.   Dasamuka Duka

2.    Manut wacan ing dhuwur, sebabipun Dasamuka ditindhihi gunung dening Hanoman
     yaiku ...
a.    Dasamuka ora bisa mati sanajan wis dirajam.
b.    Dasamuka perang nglawan Rama.
c.    Dasamuka nyulik Dewi Shinta.
d.   Dasamuka ngrebut Dewi Shinta.

3.    Pitutur kang bisa kapethik saka wacan ing dhuwur yaiku ... .
a.    sapa salah bakale kalah
b.   perang salah sawijine cara kanggo ngrampungi masalah
c.    yen tresna karo wong kudu dipeksa
d.   yen perang becike nganggo senjata maneka warna

Wacan kanggo soal nomer 4-7

Nalika liburan sekolah, aku diajak simbah nonton wayang ing alun-alun. Aku diboncengake simbah numpak sepedha onthel. Sanajan simbah wis sepuh nanging anggone nitih sepedha banter banget. Sawise tekan alun-alun, crita wayange wis diwiwiti. Aku lan simbah lungguh ing ngarep panggung sinambi mangan kacang goreng. Wiwitane aku ora mudheng apa kang diomongake dhalang. Nanging saya suwe aku mudheng jalaran simbah kanthi sabar nyritakake kepriye critane wayang kuwi marang aku. Saiki aku seneng banget yen diajak simbah nonton wayang amarga akeh pitutur luhur kang bisa kapethik saka crita wayang.  Wayang uga kalebu salah sawijine budaya Jawa kang perlu dilestarekake.

4.    Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yaiku ...
a.    Numpak Sepedha
b.    Nonton Wayang
c.    Aku lan Wayang
d.   Dhalang Kondhang

5.    Miturut wacan ing dhuwur, tokoh aku seneng nonton wayang amarga ... .
a.     wayang kalebu salah sawijine budaya jawa kang perlu dilestarekake
b.    dhalange pinter anggone crita
c.     anggone wayang ana ing alun-alun
d.    akeh pitutur luhur kang bisa kapethik saka crita wayang

6.    Pitutur kang bisa dipethik saka wacan ing dhuwur yaiku ... .
a.    yen nonton wayang kudu ngajak simbah
b.    yen nonton wayang kudu nyemak kanthi setiti
c.    nonton wayang bisa nglestarekake budaya jawa
d.   sanajan isih cilik kudu seneng nonton wayang

7.    Sanajan simbah wis sepuh nanging anggone nitih sepedha banter banget.
    Kosok balen saka tembung  “sepuh” yaiku ....
a.    tuwa
b.    enom
c.    gedhe
d.   cilik

Teks pacelathon kanggo soal nomer 8-9

Ibu: “Siti, tulung ibu tukokake brambang neng warunge Lik Semi!”
Siti: “Nggih, Bu. Panjenegan ngersakake brambang pinten kilo?”
Ibu: “Ora usah akeh-akeh, Ndhuk, setengah kilo wae.”
Siti: “ ...
Ibu: “Iki dhuwite rong puluh ewu, Ndhuk?”
Siti: “Nggih, kula budhal rumiyin, Bu?”
Ibu: “Ya ngati-ati, Ndhuk!”
Siti: “Nggih, Bu.”

8.    Ukara kang trep kanggo jangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...
a.    Lha dhuwite endi, Bu?
b.    Lha artanipun endi, Bu?
c.    Lha artanipun pundi, Bu?
d.   Lha dhuwite pundi, Bu?

9.    Pitutur kang bisa kapethik saka pacelathon ing dhuwur yaiku ... .
a.    yen dikongkon ibu kudu gelem nglakoni
b.    yen dikongkon ibu kudu njaluk dhuwit
c.    yen dikongkon ibu kudu ngati-ati
d.   yen dikongkon ibu kudu takon luwih dhisek



Wacanen teks tembang ing ngisor kanthi premati!


Asmaradana

Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandhang kalawan pangan
Ya iku bageyanipun
Wong melek sabar narima

10.     Isi tembang Asmaradana ing dhuwur yaiku ... .
a.    luwih becik turu ing wayah sore tinimbang melek nganti bengi
b.    ana dewa dundum rejeki ing wayah sore
c.    wong kang prihatin turu ing wayah sore bakal gampang golek sandhang pangan
d.   wong kang prihatin melek bengi bakal gampang anggone golek sandhang pangan

11.     Ani tansah diugung dening simboke, mula watake dadi gumedhe. Beda karo Ana kang   tansah ngalah lan nurut marang simboke.
       Tembung diugung tegese yaiku ... .
a.    didukani
b.    dialem
c.    ditresnani
d.   dikepruki

12.    Ibu (sapu) ana ing latar.
      Tembung sapu kang trep kanggo jangkepi ukara ing dhuwur  yaiku ... .
a.    sapu
b.    nyaponi
c.    nyapokake
d.   nyapu


II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

1.    Damar pingget atine amarga dituduh njupuk bukune Andi. Kamangka dheweke babar pisan ora tau njupuk bukune Andi.
     Tembung pingget atine duweni teges ....

2.    Pak Lurah: “Di, bapakmu ana ing omah?”
     Hardi : “Boten wonten, Pak. Bapak (lagi lunga) menyang Solo.
     Pak Lurah     : “Owalah, ya wis sesuk aku tak rene maneh.”
     Hardi : “Inggih, Pak.”
     Tembung ing sajroning kurung kang bener yaiku ....

3.    Andi mangan sega pecel.
     Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....

4.    Surpanakha wadul marang kakange, Rahwana, amarga tresnane ditampik dening Rama lan Laksmana nalika ana ing alas Dandaka.
     Saka pethikan wacan ing dhuwur Surpanakha duweni watak ....

5.    “Para sedulur, menawi panjenengan ngersakake klambi bathik kang nengsemake ati, sumangga mundhut bathik wonten ing griya bathik “Kreta Kencana”.
     Isine iklan ing dhuwur yaiku ... klambi bathik.

6.    Nalika liburan sekolah, Andi diajak Wawan lunga menyang Gembiraloka numpak bis. Wawan tetep mangkat sanajan ora diijinake dening ibune amarga isih. Nalika arep bali omah, lelorone lali dalane saengga padha nangis lan nelpon ibune supaya methuk ing Yogyakarta.
     Pitutur kang bisa kapethik saka wacan ing dhuwur yaiku dadi anak kudu ....

7.    Sekar gambuh ping catur
     Kang cinatur polah kang kalantur
     Tanpa tutur katula-tula katali
     Kadalu warsa katutuh
     Kapatuh pan dadi awon
     Tembung awon ing tembang gambuh kuwi duweni teges ....

8.    Candi Gedhong Sanga duweni sesawangan kang endah banget lan hawane adhem. Mula ora gumun yen akeh ... kang padha wisata ing Candhi Gedhong Sanga.
     Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....

9.    Simbah ngendika yen dadi wong aja nganti duweni watak kang gumedhe. Dadi wong kuwi luwih becik duweni watak kang ... supaya ora gawe wong liya lara ati.
     Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....

           10.    Ibu tindak peken mundhut bandheng.
                Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....


III. Wangsulana pitakonan-pitakonan ngisor iki ing lembar pawangsulan kanthi patitis!

1.    Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
a.    Alon-alon waton kelakon.
b.    Dadi siswa kudu sregep sinau.
c.    Gemah ripah loh jinawi.

2.    Tulisen pengalaman pribadhimu kang lucu saparagraf wae!

3.    Owahana ukara-ukara ing ngisor iki nganggo basa krama inggil!
a.    Mbah Karno tuku mbako ana pasar.
b.    Bapak maca koran sinambi ngombe kopi.
c.    Pak Hadi lunga menyang Jakarta wingi sore.

4.    Geguritan
Bocah Cilik Kae
                           Dening: Turiyo Ragilputra

bocah cilik sing nyapu latar kae
sapa ngerti mbesuk tembe tukul elare
mabur dhuwur nganglang langit numpak mega-mega
andon lelana sinambi methiki lintang kartika

bocah cilik kae isih bening jiwane
isih suci lemah atine
aja ditanduri jenu utawa senthe
aja dibumboni wisa utawa krawe
bocah cilik kae
togna enyang endi bur jiwane

Tulisen amanat kang bisa kajupuk saka geguritan ing dhuwur!



Tidak ada komentar:

Posting Komentar