Wacan
Prosedural
Sega gandhul kang paling kawentar
yaiku sega gandhul saka kutha Pati. Panganan khas Pati iki diarani sega gandhul
awit sega lan sayure kuwi ora langsung tumemplek ing piring ananging piringe
dilambari godhong gedhang, dadine sega lan sayure gandhul-gandhul ing dhuwur
godhong gedhang.
Sega Gandhul Pati
Bahan-bahan:
- daging sapi 350 gram (diris-iris wangun dhadhu
3cm)
- santen klapa (kenthel) 250 ml
- godhong salam 1 lembar
- godhong jeruk wangi 2 lembar
- cengkeh 2 iji
- kayu manis 1/8 sendhok teh
- pala bubuk 1/8 sendhok teh
Bumbu
kang diuleg:
- lombok abang 2 iji
- brambang 5 siung
- bawang 3 siung
- kemiri 3 iji
- tumbar 2 sendhok teh
- kluwak 2 iji
- merica 1 sendhok teh
- jae 1 keret
- laos 2 keret
- kunir ½ keret
- lenga goreng 3 sendhok mangan
- uyah
- gula
Carane
gawe:
- Lenga
goreng disok ing wajan kang wis panas,
bumbu kang wis diuleg, kayu manis, cengkeh, pala, godhong salam, lan godhong
jeruk ditumis nganti mateng lan ambune sedhep. Banjur daging sapi dilebokake
ing wajan lan diudhek-udhek nganti kaku.
- Wenehana
banyu kira-kira 700 ml, terusake anggone nggodhog nganti daginge empuk, nanging
aja nganti kasaten. Nalika banyune kira-kira isih 500 ml, tambahana santen
kenthel bnajur udhek lan entenana nganti umub.
- Nalika umub
kuwi pratandha yen wis mateng. Banjur kuah gandhul diwadhahi mangkok, nyepakake
piring kang wus dilambari godhong gedhang. Sawise kuwi, piring kang wus
dilambari godhong gedhang mau diiseni sega, gandhul, kecap manis, lombok uleg
alus, empal daging utawa jeroan, tempe goreng lan bergedel.
- Unjukane
bisa teh anget, wedang jeruk, utawa es jeruk. Hmmmmm enak tenan. Sega gandhul
Pati pancen ora ana tandhingane. Yen jarene Pak Bondan, Mak Nyus!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar