Cerita Lisan di Daerah Pati
Saridin
(Syeh Djangkung)
Tembung Saridin dumadi
saka “Syah” lan “Ridho” kang nduweni teges sah lan entuk ridho saka Gusti
Allah. Saridin kuwi putrane Dewi Samaran kang dhaup kalihan Syait Abdul Hasiq, salah
sawijine panyebar agama Islam saka Timur Tengah. Saridin lair neng desa
Landhoh, Tayu. Nalika isih cilik, Saridin dirumat dening wali papat yaiku Sunan
Bonang, Sunan Muria, Sunan Kalijaga, lan Sunan Kudus. Saridin dhaup karo Retno
Jinoli, mbakyune Sultan Agung saka Mataram. Saridin nduwe anak lanang yaiku
Raden Tirtakusuma kang aran Momok. Saridin nduweni sedulur wedok aran Nyai
Branjung kang dhaup karo Ki Branjung.
Nalika bapake Saridin
tilar donya, dheweke ninggali warisan awujud duren sauwit. Duren sauwit kuwi
dibagi wong loro antarane Saridin lan Ki Branjung. Supaya adil mula digawe
perjanjian. Yen duren tiba wayah rina dadi kuwasane Ki Branjung, lan duren sing
tiba wayah bengi dadi kuwasane Saridin. Dina-dina lumaku lan duren kang tiba
luwih akeh ing wayah bengi. Prekara iki ndadekake Ki Branjung serik atine
marang Saridin, saengga dheweke nduweni niyat kang ora becik. Ki Branjung
nganggo pakaian macan saperlu medeni Saridin kang njaga duren ing wayah bengi.
Saridin judheg amarga saben ana duren tiba mesti dipangan mangan macan. Saridin
mateni macan kanthi cara ditombak. Macan kuwi bisa ngomong.
“Adhuh,adhuh,adhuh,.....”
Saridin kaget, banjur nyedhaki macan kang ditombak
kuwi mau. Nalika dicedhaki lan ditiliki, jebul macan kuwi ora liya malah ipene
dhewe yaiku Ki Branjung kang nyamar dadi macan. Saridin ora rumangsa mateni Ki
Branjung amarga kang dipateni nganggo tombak kuwi awujud macan dudu manungsa. Nalika kuwi bojone Ki
Branjung bingung amarga wis bengi ananging Ki Branjung durung bali omah.
Nyai Branjung banjur
nggoleki bojone menyang ngendi-endi nganti tekan kebon duren tinggalane bapake.
Neng kono Nyai Branjung weruh macan ngglinting neng tengah kebon, banjur
dicedhaki. Sawise dicedhaki jebul macan kang ora duwe nyawa kuwi malah Ki
Branjung. Nyai Branjung ora kuwawa ngempet eluh nalika weruh tombak tumancep
neng awake bojone. Dheweke ora nyana yen bojone wis mati dhisiki. Nyai Branjung
clingak-clinguk nggoleki sapa wonge kang wis kumawani mateni bojone. Nalika
kuwi, ana Saridin liwat gawa tombak kang kebak getih. Nyai Branjung yen Saridin
kuwi pawongan sing wis mateni bojone lan ora kuwawa ngempet hawa nepsune.
“Saridin!
Apa salahe kakangmu Branjung????!”
“Lha
gene, Yu?”
“Ki
delengen! Ki Branjung wis mati, mesti kowe sing mateni. Ayo ngaku wae ora usah
ngapusi?!”
“Panjenengan
kok bisa nuduh aku mateni Ki Branjung kuwi piye? Ki Branjung kuwi rak ya kakang
ipeku, dadi mokal yen aku tega mateni sedulur dhewe!”
“Halah,
wong wis nggenah neng kene ora wong maneh kejaba kowe, Din! Lan kowe nggawa
tombak kang kebak getih. Arep mungkir piye maneh kowe??”
“Pancen
tombakku bar tak nggo mateni ananging mateni macan dudu Ki Branjung!”
“Ora
bisa! Pokoke prekara iki bakal tak lapurake menyang Kadipaten.”
Nyai Branjung
nglapurake Saridin marang Bupati Jaya Kusuma neng Kadipaten Pati. Awit saka
kuwi, Saridin diundang neng Kadipaten. Bupati Jaya Kusuma ndangu marang Saridin
bab matine Ki Branjung.
“Saridin ?”
“Inggih kula, Kanjeng?”
“Apa bener kowe mateni
ipemu dhewe Ki Branjung?”
“Kula menika taksih
waras, Kanjeng, dados mokal yen kula tega mrejaya ipe kula piyambak.”
“Lha buktine Ki
Branjung mati gara-gara mbok tombak!”
“Kula menika nombak
macan, Kanjeng, sanes Ki Branjung.”
“Dadi kowe tetep ora
ngaku yen wis mateni Ki Branjung?”
“Mboten, Kanjeng. Kula
saestu mboten nate rumaos mrejaya Ki Branjung!”
Saridin ora gelem ngaku
mateni Ki Branjung amarga kang dipateni kuwi awujud macan dudu Ki Branjung. Bupati
nduweni panemu yen Saridin ora gelem ngaku
bakal diutus manggoni omah tembok kang lawange wesi lan digembok saka
njaba. Panganan lan ombenan wis dicepaki. Saridin nyaguhi, ora nglegewa yen
kuwi jebul papan pakunjaran. Saridin entuk bali tilik anak lan bojone ananging yen
bisa. Saridin ngeling-eling ngendikane Kanjeng Adipati, “yen bisa mulih
muliha”.
Sawijine dina, Saridin
kepengin bali tilik anak lan bojone. Saridin kelingan pangucape Bupati yaiku
dheweke entuk mulih ananging yen bisa. Kanthi ulat madhep ati mantep marang
Gusti Allah, Saridin ngucap ‘lakhaulawalaquwata illabilahil alihiladzim’.
Sanalika lawang wesi kang digembok bisa
mbukak dhewe. Mula Saridin bisa mulih tilik omah.
Petinggi Miyono sambang
menyang omahe Saridin. Dheweke duwe niyat arep ngrebut bojone Saridin. Bojone
Saridin ora gelem ngladeni kekarepane Petinggi Miyono sanajan dipeksa kaya
ngapa. Nalika Petinggi Miyono lagi nggodha bojone Saridin, dumadakan Saridin
kang bisa metu saka pakunjaran teka neng omahe. Petinggi Miyono kaget amarga
dheweke reti yen Saridin diukum neng pakunjaran mula mokal yen bisa bali
ngomah. Petinggi Miyono banjur lunga saka omahe Saridin lanlapur menyang
kadipaten.
“Kula ingkang sowan,
Kanjeng Adipati.”
“Ya Petinggi Miyono tak
tampa sowanmu. Ana apa sajake kok penting banget?”
“Inggih, Kanjeng. Kula kalawau
pirsa Saridin wangsul wonten daleme, Kanjeng!”
“Kowe aja ngayawara
Petinggi Miyono!! Saridin wis tak ukum neng njero pakunjaran dadi mokal yen
dheweke bisa bali omah!”
“Saestu Kanjeng
Adipati, kula mrangguli piyambak wonten daleme!”
“Aku tetep ora percaya
karo omonganmu. Kanggo mbuktekake ndi sing bener, luwih becik ayo saiki
bareng-bareng nyambangi pakunjarane Saridin!”
“Sarujuk, Kanjeng.”
Kanjeng Adipati Jaya
Kusuma, Petinggi Miyono, lan para prajurit lunga menyang pakunjarane Saridin.
Nalika tekan pakunjaran, pakunjaran peteng lan lawang wesine isih gembokan. Bupati
niti priksa menyang njero kunjara. Ndelalah Saridin turu neng njero kunjara.
Bupati duka karo Petinggi Miyono amarga dianggep wis wani ngapusi. Petinggi
Miyono njaluk ngapura lan rumangsa ora tau ngapusi Kanjeng Adipati. Kanjeng
Adipati ndangu Saridin magepokan karo kadadeyan kang sanyatane.
“Saridin, apa kowe dhek
maeng bali menyang omah?”
“Inggih leres,
Kanjeng.”
“Lha kok bisa?”
“Kanjeng Adipati lak
nate ngendika, menawi kula kepengin bali nggih angsal-angsal kemawon nanging
yen bisa.”
“Lha terus apa
hubungane?”
“Lha kalawau kula
kepengin bali, Kanjeng. Ndilalah kula saged bali Kanjeng, nggih sampun, kula
lajeng bali kemawon.”
Saka kadadeyan kuwi,
Kanjeng Adipati nambahi paukumane Saridin kanthi cara dibronjong utawa
dilebokake neng pethi lan dipaku. Saridin nampa paukuman kuwi nanging dheweke nduweni
panjaluk kepengin melu makoni pethine.
“Kanjeng Adipati,
menawi kula ndherek ngarepeti pethine menika angsal?”
“Ya oleh-oleh wae nek
kowe bisa!”
Kanjeng Adipati ngentukake Saridin melu makoni
pethi kanthi cathetan yen bisa. Saridin dilebokake nneg njero pethi lan arep
dipaku sak njaba. Kanjeng Adipati bingung amarga Saridin kang wis ana njero
pethi lan dipaku dumadakan bisa metu lan ngewangi para prajurit kang lagi
makoni pethi.
Kanjeng Adipati ora
kasil ngukum Saridin kanthi cara dibronjong, mula Saridin bakal diukum gantung.
Sadurunge diukum gantung, Saridin duwe panjaluk kepengin melu narik tali kang
dienggo nggantung awake.
“Kanjeng Adipati, kula
diukum gantung menawi badhe ndherek narik taline menika angsal?”
“Oleh-oleh wae nanging
yen bisa!”
Meneh-meneh Bupati
nuruti kekarepane Saridin kanthi catheten yen bisa. Bareng tali kang dienggo
nggantung Saridin ditarik, dumadakan dheweke melu narik tali kuwi. Kadadeyan
nggawe Kanjeng Adipati lan para prajurit padha kaget lan bingung. Kadadeyan
mbaka kadadeyan kang njalari Saridin ora kasil diukum, ndadekake Bupati lan
warga Pati padha duka. Saridin digudag wong-wong Pati nganti tekan dhaerah
Kudus.
Neng Kudus, Saridin
merguru karo Kyai Jaffar Shoddiq utawa Sunan Kalijaga. Saridin ngaji lan
ngawula marang Sunan Kalijaga bareng karo santri-santri liyane. Saridin uga
nandhangi penggawean padha karo santri-santri liyane. Nalika ngiseni padasan
kang dienggo wudhu, Saridin ora uman ember. Banjur Saridin ngiseni ember
nganggo kranjang. Kanthi palilah saka Gusti Allah, Saridin kelakon bisa ngiseni
ember nganggo kranjang. Kanca-kanca santri liyane padha gumun karo Saridin.
Sawijining dina, Sunan
Kudus ngetes ilmune Saridin kang lagi ngiseni kolah.
“Din, kolah iki apa ana
iwake?”
“Wonten, Sunan.”
Bareng ditawu, kolah kuwi ana iwake temenan. Banjur
Saridin diwenehi klapa ijo dening Sunan Kudus.
“Iki
apa, Din?”
“Klapa
ijo, Sunan.”
“Apa
iki ana iwake?”
“Wonten,
Sunan.”
Klapa ijo dipecah dening Sunan Kudus, ndilalah ana
iwake tenan yaiku iwak wader kang metu saka njero klapa.
Sunan
Kudus ngrasa kalah karo kemampuane Saridin, mula Saridin diusir lan ora entuk
mecak bumi Kudus maneh. Awit saka kuwi, Saridin mlayu lan ndhelik neng njero
jumbleng lan gemandhul neng dhuwur telekan, dadi dheweke wis nuruti ngendikane
Sunan Kudus yaiku ora mecak bumi Kudus maneh. Saridin ngganggu wong kang lagi
ngising neng jumbleng kono, mula dheweke konangan lan kakuse dibongkar dening
wong-wong Kudus. Saridin jebrot kang telek digudag dening wong sa-Kudus. Jam
sanga esuk, Saridin mlebu pasar. Amarga Saridin mambu telek, mula wong-wong
kang ana neng pasar padha buyar kabeh. Lha reja-rejane jaman pasar kuwi disebut
Pasar Buyaran amarga wong-wong kang ana neng pasar padha buyar kabeh nalika
Saridin mlebu pasar kono.
Saridin
isih digudag wong-wong Kudus, dheweke ngorong lan kepethuk bakul legen. Sedina
muput bakul legen dodol nanging durung ana kang nukoni. Saradin ditawani,
kebeneran dheweke ngorong mula legen kuwi diombe nganti entek. Pas arep mbayar,
Saridin ora nduwe dhuwit mula dheweke mbayar karo kunir kang dijegurna neng
bumbung wadhah legen kuwi. Tekan omah, bumbung kuwi dipecah dening bakul legen.
Ora nyana kunir pawewehe Saridin wujude malih dadi mas. Awit saka kuwi, bakul
legen dadi wong sugih.
Tekan
tengah dalan Saridin nggresula amarga kelingan anak lan bojone. Banjur dheweke
ditemoni dening Sunan Kalijaga, minangka guru sejatine Saridin.
“Aku
kepengin mulih, Kanjeng Sunan!”
“Ora
kena, Saridin, lelakonmu isih suwe.”
“Saiki
kowe golekana klapa ganthet kanggo ngrombang nglangi neng segara.”
“Inggih,
sendhika dhawuh Kanjeng.”
Saridin lunga golek klapa ganthet. Saridin nemokake
klapa ganthet, jebul sing duwe klapa kuwi yaiku bakul legen kang pernah ditukoni
Saridin. Bakul legen kuwi menehi Saridin klapa ganthet kanggo tadha matur
nuwune marang Saridin.
Sawise
entuk klapa, Saridin ngrombang ana tengah segara kawiwitan saka segara lor
Kudus. Nalika ana tengah segara, Saridin ora mangan kejaba yen ana kapyukan
banyu utawa iwak kang mlebu cangkeme.
Sawijine
dina, Saridin minggir ana ing kraton Palembang. Neng kana, dheweke gawe tontonan sulapan mbalang jantur, pitik
mungsoh kelabang. Nalika kuwi, ana narapraja Palembang kang golek tamba kanggo
nentremake negara Palembang. Negara Palembang ana ontran-ontran, pager mangan
tanduran. Ratu Palembang disenengi dening Sanggar Singgih, adhine Raja
Palembang. Saridin sagoh nyoba nulungi narapraja kuwi. Saridin diajak menyang
kraton Palembang. Kanthi palilah saka Gusti Allah, Saridin bisa ngleremake
ontran-ontran neng kraton Palembang.
Sawise
ngleremake ontran-ontran kraton Palembang, Saridin ditemoni dening Sunan
Kalijaga, guru sejatine.
“Saridin,
kowe kudu lunga menyang Ngerum!”
“Lha
nitih napa, Sunan?”
“Numpak
godhong jati.”
“Lha menapa saged, Sunan?”
“Bisa.”
Kanthi palilah saka
Gusti Allah, Saridin bisa kelakon lunga menyang Ngerum numpak salembar godhong
jati. Neng Ngerum Saridin maguru lan nyebarake agama Islam. Sawijine dina
Saridin kepethuk karo Ratu Ngerum kang anake lagi nandhang lara. Ratu Ngerum
golek wong kang bisa nambani penyakite anake. Saridin nyoba nambani anake Ratu
Ngerum lan ndilalah bisa kasil anggone nambani. Lumantar jasane kang gedhe
kanggo negara Ngerum, Saridin diwisuda dening Imam Khambali dadi Syeh Djangkung.
Sawise saka Ngerum, Saridin utawi Syeh Djangkung isih lelana tekan ngendi-endi
saperlu nyebarake agama Islam. Dheweke lelana menyang Cirebon lan kang
pungkasan menyang Mataram.
Sawise
lelana menyang ngendi-endi, Syeh Djangkung bali kumpul karo anak bojone neng
Landhoh, Kayen, Pati. Kanjeng Adipati lan wong-wong pati kaget amarga wis
pirang-pirang taun lawase Saridin ora ngetok kok jebul isih urip lan mulih
maneh menyang Pati. Saridin nduweni jasa kang gedhe tumrap dhaerah Pati amarga
dheweke nyebarake ajaran babagan ilmu agama Islam, ilmu ketabiban, lan ilmu
kanuragan neng dhaerah Pati. Syeh Djangkung seneng tetulung lan mbagi ilmune
marang sapa wae kang merlokake. Mula Syeh Djangkung banget diajeni lan
ditresnani dening warga Pati.
Syeh
Djangkung tilar donya taun 1563. Dheweke pesen supaya dimakamke ana ing dhusun
Landhoh, Kayen, Pati, minangka bumi kelairane. Sanajan wis tilar donya, akeh
wong padha ziarah neng makame Saridin saperlu ndedonga lan nyuwun berkah marang
Gusti Allah lumantar Syeh Djangkung kang dikasihi dening pangeran. Makam Syeh
Djangkung ora tau sepi saka peziarah saka dhaerah Pati apa dene dhaerah liya.
Makam bakal rame kebak wong padha ziarah nalika dina Minggu malem Senen lan
dina Kamis malem Jumat.
Neng
kompleks makam Syeh Djangkung uga ana banyu kang aran tirta usodo. Banyu tirta
usodo kuwi dipercaya minangka banyu kang suci lan barokah. Banyu kuwi dipercaya
bisa nambani penyakit lan mambah rejeki kanthi palilah saka Gusti Allah. Sapa
wonge kang ngombe banyu iki kanthi niyat kang becik mula apa kang dadi
kekarepane bakal diijabahi dening Gusti Allah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar