Rawa Pening
Ing gunung Merbabu ana sawijining wanita kang jenenge Ni Endang Ariwulan bebojoan karo Ki Hajar Salokantara duwe anak kang awujud ula. Ula mau saya suwe saya gedhe. Sawijining dina ula mau marani Ki Hajar lan ngomong yen dheweke kuwi anake Ki Hajar. Ki Hajar kaget, akhire ngomong mangkene, “Eh ula, teka elok temen kowe ngaku anaking manungsa, aku gelem ngaku kowe dadi anakku nanging kowe kudu gelem tapa nglungkeri gunung Merbabu bisa tepung gelang, yen kowe bisa nyakepi gunung iki, kowe takakoni anakku.”
Ula
mau banjur tapa nglungkeri gunung Merbabu, nanging endas lan buntute ora tepuk amarga isih kurang sakilan.
Akhire ula mau nyambung nganggo ilate. Ki Hajar ngerti banjur ngethok ilate. Kethokan ilat mau kanggo pusaka kang awujud tombak. Ula mau ora mati lan
nerusake anggone tapa, saka suwene anggone tapa, awake dirambati oyod-oyod,
nganti ora ketara saka akehe rerungkudan.
Nuju
sawijining dina, wong-wong desa padha mbeburu ing alas kanggo upacara merti
desa. Nalika padha leren lugguhan ing wit gedhe, ana wong kang lagi bacok-bacok
ing wit mau, saka wit mau metu getih lan ndadekake kaget. Kanca-kancane padha
ndeleng lan nduweni panganggep menawa getih mau saka getihe ula gedhe. Banjur
ula kuwi dikethok-kethok
kanggo merti desa, iwake digawa bali desa lan
diparasrahake ing bale desa.
Esuke
ing bale desa, akeh wong wadon padha olah-olah amerga sorene arep padha
slametan merti desa. Sukmane ula kuwi njelma dadi bocah lanang kang rupane
elek, gandane pesing lan amis. Bocah lanang mau mara ing bale desa njaluk
mangan, nanging ora ana kang menehi, banjur bocah mau ditundhung para warga.
Ana mbok randha kang nduweni rasa welas karo bocah mau lan maringi mangan bocah
kuwi. Sawise mangan, bocah mau banjur
matur marang mbok randha, ature mangkene, “Embah menawi mangke wonten banjir,
embah supados sedhiya lesung kaliyan enthong, lesungipun dipunangem prau,
enthongipun dipunagem melahi.”
Bareng
bocah mau wis wareg, banjur gawe patembaya nancepake sada ing latar ing
satengahe wong-wong kang padha nganakake upacara merti desa. Ing kono wong-wong
desa padha ditantang njabut sada kasebut nanging ora ana kang bisa njabut.
Bocah kang nduwe sada mau ngomong mangkene “Ayo sapa bisa mbedhol sadaku iki?”.
Akeh bocah kang padha nyoba mbedhol sada kuwi, nanging ora ana kang bisa
mbedhol. Akhire wong-wong mau padha melu nyoba mbedhol, nanging padha ora
bisane. Bocah kang duwe sada mau banjur maju karo ngomong mangkene, “Yen ora kang
bisa mbedhol sada iki bakal tak bedhol dhewe.”
Bareng
sada bisa kabedhol, saka bekase sada kang kabedhol kasebut metu banyu kang
iline gedhe. Saya suwe banyu kasebut bisa ngebaki lan nglelep karang padesan
kasebut. Akeh wong kang padha mati amarga klelep, kajaba mbok randha kang
slamet amarga wis nyedhiakake lesung lan enthong kang digawe sarana golek
kaslametan. Ing sabanjure papan kasebut dadi rawa kang disebut Rawa Pening.
Pitakonan:
Romawi I
Wangsulana
pitakenan-pitakenan menika kanthi nyerat aksaranipun kemawon a, b, c, utawi d,
tumrap wangsulan ingkang dipunanggep trep.
1. Jenenge
wanita ing gunung Merbabu kang duweni anak awujud ula yaiku ...
a. Ni
Endang Tejawulan
b. Ni
Endang Ariwulan
c. Ni
Endang Aryawulan
d. Ni
Endang Sariwulan
2.
Syarate supaya ula mau bisa diakoni anak
dening Ki Hajar Salokantara yaiku ...
a.
Tapa nglungkeri gunung Semeru nganti
bisa tepung gelang
b.
Tapa ing gunung Merbabu nganti wujude
malih dadi manungsa
c.
Tapa ing gunung Semeru nganti wujude
malih dadi manungsa
d.
Tapa nglungkeri gunung Merbabu nganti
bisa tepung gelang
3.
Watake warga desa marang bocah lanang
cilik kang gandane pesing lan amis yaiku ...
a. welas
asih
b. ora
duwe welas asih
c. nriman
d. sabar
4.
Mbok Randha bisa slamet lan ora klelep amarga
...
a. wis
sedhiya lesung lan cethok
b. wis
sedhiya bumbung lan enthong
c. wis
sedhiya wakul lan enthong
d. wis
sedhiya lesung lan enthong
5.
Amanat kang bisa kapethik saka crita
“Rawa Pening” yaiku ...
a. dadi
manungsa kudu tetulung marang liyan
b. dadi
manungsa kudu percaya marang liyan
c. dadi
manungsa luwih becik melu sayembara
d. dadi
manungsa aja nganti kalah karo bocah cilik
Romawi
II
Pitakenan
ingkang salajengipun inggih menika saben siswa kasuwun nyerat ringkesanipun
cariyos legenda “Rawa Pening” ngginakaken basa krama ingkang trep.
Menawi
sampun saged dipunkempalaken wonten guru.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar