Gara-Gara Kuping
Nalika aku isih SD,
dianakake buka pasa bareng ing sekolahan. Udakara jam lima sore, aku lan
kanca-kanca lunga menyang sekolah numpak sepedha. Aku nggawa rukuh lan panganan
sarta ombenan kanggo buka pasa.
Sawise tekan sekolah,
aku lan kanca-kanca mapan ana ing plataran ngarep mushola. Sinambi ngenteni
adzan Maghrib, Pak Kyai maringi ceramah. Ora let suwe, keprungu adzan. Aku banjur
wudlu lan sholat jamaah. Ing ngarep lan sisih tengenku kuwi ana guru-guru kang
padh melu sholat jamah.
Nalika rakaat
pungkasan, aku ora krungu aba-abane imam. Saengga aku isih sujud terus,
kamangka liyane wis padha salam. Aku krasa yen sujudku kok suwe banget, banjur
aku tangi lan salam. Sabubare salam, kanca-kancaku padha mesam-mesem marang
aku. Aku isin banget. Apa maneh sisih tengenku kuwi guru-guru uga melu
ngguya-ngguyu. Gara-gara kuping kang ora krungu aku malah dadi isin dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar