Senin, 14 Juli 2014

Pendidikan_Materi Paragraf



PARAGRAP

PARAGRAP

            Ndamel sawijining paragraf kalebet wonten ing sajroning katrampilan nyerat. Ketrampilan menika mboten dipungadhahi dening saben pawongan. Mila gladhen nyerat paragraf menika dipunbetahaken sanget. Katrampilan nyusun ukara setunggal mbaka setunnggal ngantos nggadhahi teges ingkang jumbuh menika mboten gampil. Ananging sedaya kedah dipungladhi, tanpa dipungladhi tamtu kemawon katrampilan nyerat mboten badhe kaconggah.  Mila saking menika, gladhen ingkang tanpa kendhat anggenipun ndamel  paragraf menika saged nggladhi katrampilan nguwasani nyerat paragraf.
Sawijining paragraf padatanipun kadadosan saking kalih utawi langkung ukara. Ukara –ukara wonten ing sajroning paragraf kedahipun sambung-sinambung antawisipun ukara setunggal saha setunggalipun. Ukara-ukara ingkang dumados menika saged nyengkuyung sawijining tema utawi topik.
Tema utawi topik mapan wonten ing salebetipun ukara pokok. Dene ukara-ukara sanesipun nggadhahi sifat ngandaharake ukara pokok. Ukara ingkang ngandhut gagasan pokok dipunwastani ukara  pokok, dene ukara ingkang ngandhut panjelas dipunwastani ukara panjelas.
Wujudipun paragraf menawi dipuntingali saking mapanipun ukara pokok menika wonten sekawan, inggih menika:

1.  Paragraf Deduktif
Paragraf ingkang ukara pokokipun mapan wonten ing ngajeng dipunwastani paragraf deduktif. Paragraf menika paling gampil anggenipun dipundamel. Ing ngandhap menika bagan paragraf deduktif.

                                                       K  u   utawi   u    P
      K P1  utawi U  Pj1
                            K P2  utawi U  Pj2
                                                 K  P 3   utawi U  Pj 3
                                                                           K P 4  utawi  U  Pj4
                                                                                                      K  P 5   utawi U Pj 5
Ketrangan : K u  utawi  Up    : Kalimat utama utawi Ukara pokok
Kp  utawi  Upj : Kalimat Penjelas utawi Ukara panjelas
Tuladha :
Mikul dhuwur mendhem jero, tegesipun tiyang ingkang tansah tanggeljawab tumrap kulawarga kanthi njagi saenipun kulawarga. Kanthi njunjung drajatipun tiyang sepuh,lare menika saged dipunwastani lare ingkang sae. Menapa kemawon ingkang dipunlampahi dening lare ingkang tumindakipun sae menika saged ndamel raos bombong tumrap tiyang sepuh.

2.  Paragraf Induktif
Paragraf induktif menika walikan saking paragraf deduktif. Ukara pokokipun mapan wonten ing pungkasaning paragraf. Ukaranipun dipunwiwit saking bab-bab ingkang asipat miligi tumuju bab ingkang asipat rowautawiumum utawi klimaks, inggih menika generalisasi. Ndamel paragraf induktif menika pancen radi kangelan, ananging jumbuh  kangge  nyerat prosa argumentasi. Salah satunggalipun ingkang dados titikanipun paragraf induktif inggih menika wonten tembung-tembung tartemtu ingkang awujud dudutan, tuladhanipun inggih menika: dados saha mula saka kuwi.
Menawi  dipundamel bagan, paragraf induktif menika kados ing ngandhap !

                             K  p1   utawi   u    Pj1
      K P2 utawi U  Pj2
                            K P3  utawi U  Pj3
                                                 K  P 4   utawi U  Pj 4
                                                                           K P 5  utawi  U  P5
                                                                                                      K  P 6   utawi U P 6
                  KU utawi Up
Ketrangan : K u  utawi  Up    : Kalimat utama utawi Ukara pokok
Kp  utawi  Upj : Kalimat Penjelas utawi Ukara panjelas



Tuladha :
        Lare menika dados tangggung jawab tiyang sepuhipun, kalebet ugi tindak-tandukipun. Menawi tumindakipun lare menika wonten ingkang lepat, tamtu kemawon tiyang sepuh ugi nandhang lepat. Pramila menawi wonten tumindak ingkang sae, tiyang sepuhipun tamtu kemawon badhe dipunajeni dening tiyang sanes.
        Menika sebabipun tiyang sepuh kedah nuturi lare-larenipun kanthi pitutur ingkang sae, ingkang boten nyalahi aturan-aturan agama saha tatakrama. Menapa kemawon ingkang dipuntumindakaken dening lare menika badhe dipuntanggung tiyang sepuhipun, mila saged dipunwastani anak polah bapa kepradah.

3.  Paragraf repetitif
Paragraf ingkang ukara pokokipun mapan wonten ngajeng dalah wonten ing pungkasanipun paragraf dipunwastani paragraf repetitif. Ukara pokokipun mapan wonten ing nganjeng lajeng dipunambali wonten ing pungkasan minangka dudutan. Gagasan pokok dipunwujudaken wonten ing kalih, ingkang kalih-kalihipun ukara kalawau meh memper, ananging mboten sami persis. Paragraf repetitif menika wonten ingkang mastani minangka paragraf deduktif-induktif.
Menawi dipundamel bagan, kados ing ngandhap menika !
                                                       K  u   utawi   u    P
      K P1  utawi U  Pj1
                            K P2  utawi U  Pj2
                                                 K  P 3   utawi U  Pj 3
                                                                           K u  utawi  U  P
Ketrangan : K u  utawi  Up    : Kalimat utama utawi Ukara pokok
Kp  utawi  Up  : Kalimat Penjelas utawi Ukara panjelas

4.  Paragraf Deskriptif
Ukara pokokipun paragraf deskriptif menika dipunpanggihi wonten ing sedaya peranganipun paragraf. Dados, saben ukara ingkang nyengkuyung madegipun paragraf dipunwastani ukara pokok. Sakabehing ukara ingkang nggadhahi kawigaten ingkang sami menika kanthi bebarengan nyawiji dados setunggal paragraf ingkang gemolong.
Paragraf deskriptif kathahsanget dipunginakaken wonten ing prosa narasi.  Mila saking menika, paragraf deskriptif ugi dipunwastani paragraf naratif. Tuladhanipun paragraf deskriptif menika kadosta cerkak, novel saha sapanunggalanipun.


Bagan paragraf deskriptif.

                                         K  u   utawi   u    P
                       K u  utawi  u P
                                     K  u   utawi   u    P
                                                            K  u   utawi   u    P



PENDALAMAN MATERI
Wacanen wacana ing ngandhap menika, banjur garapen pitakonan kang sumadya!

Mukjizat ing Pungksaning Tsunami
Ombak tsunami ingkang nggulung Propinsi Nanggroe Aceh Darussalam (NAD) saha Sumatra Lor, Ahad Paing rong minggu kepungkur keconggah ngamblasake sembarang kalir. Prasasat namung sakedhepan mripat, 90 ewu manungsa seda, atusan ewu sanesipun ngungsi. Sedaya wewangunan rata kaliyan siti. Kasungkawan ngregem nuswantara. Presidhen Susilo Bambang Yudhoyono ndhawuh supados masang gendera samadya saka minangka pratandha bela sungkawa.
Ing pungkasaning musibah, Gusti ingkang Maha Agung kayadene paring piweling marang titahe bilih sejatosipun janma menika boten sintena menawi dipunbandhingake klawan Panguwasane. Ananging ing salebetipun musibah ingkang nggegirisi menika, Gusti  Allah kaya-kaya maringi pralampita lumantar mukjizate kahanan. Ing kabupaten Meulaboh, wonten sesawangan ingkang ndamel nggegirisi. Sawijining mesjid alit ingkang gunggungipun tiga dedegipun wewangunan menika taksih kukuh. Wonten ing satengahe tilas wewangunan ingkang rata kaliyan siti. Subkhanallah...! Dipunpirsani saking teori, fenomena menika saged dipunwastani medal saking logika jalaran kathah wewangunan ingkang langkung bakuh kemawon sami kintir kabekta toya. Ananging mesjid-mesjid alit taksih madeg kanthi sampurna bilih namung kantun Baitullah gunggung tiga menika wewangunan ingkang taksih wutuh wonten ing pesisir Meulaboh kana.
Meulaboh mujudaken kabupaten ingkang sanget risakipun kenging dampakipun musibah amargi papanipun paling caket kaliyan episentrum lindhu tektonik ingkang tumempuh wonten ing dhasaripun Samudra Hindia. Trajangipun ombak ngantos 800 km per jam ingkang tanpa dinuga, nyebabaken saperangan ageng warga Meulabuh kabuncang tambuh-tambuh paranipun. Nalika toya wiwit surut, jisimipun janma sami gumlethak wonten ing sadengahipun papan. Data Departemen Kesehatan mratelakake, saking 50 ewu gunggungipun warga Meulabuh, namung tiyang 23 ewu ingkang dinuga slamet. Meulabuh ingkang mapan wonten ing pesisir NAD sisih kidul menika dados kutha mati.
Kejawi wonten ing Meulabuh, Gusti Allah ugi ngayomi mesjid Baiturrahman. Mesjid ingkang mapan wonten jantungipun kutha Bandha Aceh menika ugi kalis saking bebaya sanajan wewanguna wonten ing sakiwa tengenipun sami larut kerut kagiles banjir bandhang tsunami. Mesjid Baiturrahman mujudaken mesjid ingkang paling ageng sa-Propinsi Aceh. Boten mokal menawi Baiturrahman dados simbulipun kutha “Serambi Mekah” kasebat.

No
Ukara pokok
Jinising paragraph
Ukara panjelas
( ukara no…)
1



2



3



4




Tidak ada komentar:

Posting Komentar