Selasa, 15 Juli 2014

Pendidikan_Materi Parikan Wangsalan



PARIKAN LAN WANGSALAN

A.    Parikan 

a.          Parikan inggih menika unen-unen awujud ukara rinonce migunakake basa kang endah kanthi kawiwitan, ingkang dumadi saking kalih utawi sekawan gatra.

b.         Tithikaning parikan

1.      Nggadhahi purwakanthi ab-ab.
2.    Menawi kadadeyan saking kalih baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho minangka isi. Nanging menawi dumadi saking patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 dipunwastani isi.
3.      Parikan dipunginakaken kangge medhar werna-werna kahanan, nyindhir alus, pitutur, nyemoni utawi gojegan wonten ing pacelathon.

c.          Jinising Parikan

1.      Parikan padinan, inggih menika parikan kang pambuka lan isinipun rinakit wonten ing ukara salarik. Dipunwastani padinan amargi kerep lan gampil kangge micara saben dinten.
Tuladha:
-          Bir temulawak, lambe njudhir ketatap cagak.
-          Santen duduhe klapa, cekap semanten atur kula.
-          Sirah ketatap cagak, pasrah nasibe awak.
2.      Parikan Lamba, inggih menika parikan kang rinakit saking rong gatra. Gatra sepisan minangka pambuka dumadi saking patang wanda lan patang wanda (4-4 suku kata). Dene gatra ingkang kaping kalih ugi dumadi dumadi saking patang wanda lan patang wanda (4-4 suku kata) minangka isi. Rumusipun 2 = 4 + 4, tegesipun dumadi saking kalih gatra, saben gatra 4 wanda 4 wanda.
Tuladha:
a.       Omah gendheng, disaponi
    4 wanda              4 wanda
      Abot enteng,    dilakoni
       4 wanda          4 wanda
Omah gendheng disaponi (pambuka)
Abot entheng dilakoni (surasa)

b.      Pitik walik,     wiwit lancur
4 wanda           4 wanda
Rakyat cilik,   aja ngawur
4 wanda             4 wanda
Pitik cilik, wiwit lancur (pambuka)
Rakyat cilik, aja ngawur (surasa)

3.      Parikan Rangkep
Inggih menika parikan ingkang rinakit rong gatra, gatra sepisan minangka pambuka kadadosan saking 4 wanda banjur 8 wanda. Wondene gatra kaping kalih kadadosan saking 4 wanda lan 8 wanda minangka isi. Dados rumusipun 2 = 4 + 8 tegesipun rong gatra saben gatra 4 wanda 8 wanda. Tuladhanipun:
a.       Kembang duren, tibane tepining kalen
4 wanda                    8 wanda
Aja dahwen, yen sira kepengin  kajen
4 wanda                    8 wanda
Kembang duren, tibane tepining kalen  (pambuka)
Aja dahwen, yen sira kepengin kajen (isi)

b.      Manuk emprit, mabur dhuwur nyocok kurma
    4 wanda                    8 wanda
Dadi murid, budi luhur tatakrama
  4 wanda                      8 wanda
Manuk emprit, mabur dhuwur nyocok kurma (pambuka)
Dadi murid, budi luhur tatakrama (isi)

B.     Wangsalan
Wangsalan inggih menika bangsane cangkriman utawi bedhekan, batanganipun utawi wangsulanipun dipunsebat wonten ing ukara candhakipun kanthi kaslamur. Bentenipun parikan lan wangsalan inggih menika wangsalan boten kaiket dening guru lagu, nanging kaiket dening cangkriman lan ugi wonten wangsulanipun. Gunanipun wangsalan inggih menika kangge medhar kahanan ingkang maneka warna, nyindhir alus, lan pitutur.

A.    Jinisipun wangsalan

1.      Wangsalan padinan, inggih menika wangsalan kang prasaja lan batangan utawi wangsulanipun wonten ing ukara candhakipun.
Tuladha:
a.       Tumindak iku aja mung bumbune rokok, ngawur tanpa waton!
Bumbu rokok iku jenenge uwur.
b.      Ngembang duren, dadi murid kok ongap-angop.
Kembang duren iku jenenge dlongop.
2.      Wangsalan Lamba
Wangsalan ingkang dumadi saking 4 wanda lan 8 wanda jroning salarik.
a.       Welut wana, kula mas namung saderma.
Welut wana arane ula. Mulane dadi kula.
b.      Balung geni, niki namung mbok menawa.
Balung geni diarani mawa. Mulane dadi menawa.

3.      Wangsalan rangkep
Wangsalan ingkang kadadosan saking 2 larik, saben larik 12 wanda. Tuladhanipun:
a.       Jenang sela wader kalen sesondheran (12 wanda)
Apuranta yen wonten lepat kawula (12 wanda)
Jenang sela jenenge apu. Mulane dadi apuranta. Wader kalen jenenge iwak sepat. Mulane dadi tembung lepat.
b.      Bantal dawa parabe narpati karna (12 wanda)
Kudu eling tindak kang nora prayoga (12 wanda)
Bantal dawa jenenge guling. Mulane dadi tembung eling. Narpati karna ratu ing ngawarga. Mulane dadi tembung prayoga
4.      Wangsalan Tembang
Wangsalan ingkang wonten ing sajroning tembang, mila banjur manut kalihan syaratipun tembang kalawau. Tuladhanipun :
Pangkur ( 7 gatra)
Jirak pidha munggwing wana
Sayeng kaga ng
werekta kang nuroni
Nyenyambi kalaning nganggur
Wastra tumpraping mastak
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
Boan sabin ing nawala
Kinarya langen pribadi

Katrangan:
Jirak pidha munggwing wana iku kesambi  
Sayeng kaga iku kala, lan werekta kang nuroni iku anggur
Wastra tumpraping mastak iku iket
Boan sabin ing nawala iku karya

Pendidikan_Materi Campursari



CAMPURSARI

A.    Werdinipun tembang campursari

Tembang campursari inggih menika salah satunggaling seni ingkang dipunripta kanthi nambahi sakperangan gamelan Jawi kalihan piranti musik modern, kadosta organ, gitar, bass, drum, lsp. Salebetipun tembang campursari menika adatipun basa ingkan dipunginakaken ugi basa Jawi. Ananging boten saben tembang ingkang migunakaken basa Jawi saged dipunwastani tembang campursari. 

B.     Jinising Tembang Campursari

1.      Tembang Campursari Murni
            Kasebat makaten awit tembanng campursari menika sinaosa garapanipun lumantar gamelan Jawi lan musik modern, nanging tembang ingkang kasekaraken taksih kalebet sekar ageng utawi tengahan. Tuladhanipun: C.S. Sanggabuana, C.S. Gunungkidul, C.S. Sudila.

2.      Tembang Campursari Garapan
            Inggih menika tembang campursari ingkang karipta lan kasekaraken sampun mligi garapan enggal, boten mligi tembang saking sekar ageng, tengahan punapadene dolanan. Tuladhanipun: C.S. Gunungkidul, C.S Nurhana, lan C.S Joko Edan.

3.      Tembang Campursari kroncong dangdut
          Tembang campursari menika adatipun sampun boten mawi iringan gamelan Jawi nanging mligi piranti musik modern, rehning sekar-sekaripun kaserat salebeting basa Jawi mila lumrah kasebat campursari.  Tuladhanipun: C.S. Didi Kempot, C.S. Cak Diqin. 

4.      Tembang Jawi sanes Campursari
         Kados ingkang dipunandharaken ing inggil kalawau, bilih boten sedaya tembang ingkang syair utawi cakepanipun mawi basa Jawi menika saged dipunwastani campursari. Tembang jawi jinis menika saged arupi: Pop Jawi, Langgam Jawi, Kroncong Jawi, lan Rap Jawi.

Pendidikan_Materi Pidato



Pidhato

      Pidhato inggih menika ngandharaken gagasan, panemu, utawi osike manah sarana lisan wonten ing sangajengipun priyantun kathah.

Cengkorongan Pidhato:
1. salam pambuka
2. pambuka
3. surasa
4. panutup
5. salam panutup

 Peranganipun pidhato.

1. Salam Pambuka
Wosipun ngucapaken salam marang para rawuh utawi tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakormatan. Tuladhanipun tembung nuwun, Assalamualaikum, Sugeng dalu, sugeng siyang utawi salam sanesipun.

2. Basa Rinengga
        Basa rinengga inggih menika basa ingkang dipunpaesi dados basa ingkang endah, merbawani lan ngresepake. 

Tuladhanipun basa rinengga:

Linambaran kanthi hamemuji konjuk ngarsaning Gusti, mugi kula lan panjenengan sedaya pinaringan rahayu slamet. Mugi katentreman, karaharjan saha kawidadan tansah kajiwa kasarira kula panjenengan sedaya waradin sagung dumadi. Amin. 

2.    Atur pambagyaharja
Atur pambagyaharja inggih menika sesorah ingkang wosipun ngaturaken pawarta karaharjan utawi kaslametan dhumateng para tamu, priyayi ingkang dipunajak guneman. Wonten ing Basa Indonesia inggih menika tembung "pambagyaharja” ingkang dipunwastani “ucapan/sambutan selamat datang”. 

Tuladhanipun:
Minangka purwakaning atur, keparenga kula ngaturaken pambagya wilujeng. Saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan tumrap rawuhipun panjenengan sedaya.

3.    Ukara Pambuka
Wosipun inggih menika ngaturaken sugeng rawuh marang para tamu/para rawuh. Wiwit saking ingkang dipunajeni langkung rumiyin disebat, banjur muji syukur saha panuwun marang Gusti ingkang Maha Agung supados ingkang dipunlampahi saged lancar, boten wonten pepalang menapa. Ingkang ngrasuk agama islam mangga kula aturi maos basmalah sesarengan. 

4.    Surasa basa/isi pidhato
Wosipun pidhato gumantung marang kaperluan lan hajate anggenipun ingkang kagungan kersa saha ancasipun. Tuladhanipun adicara pepisahan siswa kelas XI, pengetan dinten Kartini, ceramah bab kabudayan, agama, politik saha sosial.

5.    Ukara panutup
Wosipun nyuwun pangapunten dhateng para rawuh bilih anggenipun matur wonten klenta-klentunipun, pangajeng-ngajeng, saha kekudangan tumrap para rawuh. Tuladhanipun: Mugi-mugi kanthi rawuh kanca-kanca saged nambahi nikmat iman ............. lsp.

       6.   Salam panutup
        Wosipun sami utawi badhe sami kalihan salam pambuka. Tuladhanipun : sugeng siyang, sugeng dalu, saha Wassalamualaikum Wr. Wb.

a)      Waosen pidhato ing ngandhap menika kanthi seru!

TANGGAP WACANA NAMPI PEPISAHAN SISWA SAKING
WALI KELAS SEWELAS

Assalamua’alaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang tansah kula urmati, Bapak Ibu ingkang dahat kinurmatan, saha siswa-siswi kelas sanga ingkang tansah kula tresnani.
Puji syukur tansah kula aturaken Dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayahipun dhumateng kula lan panjenengan sami.
Raka kelas sewelas ingkang kula tresnani, ingkang sakedhap malih badhe nilaraken pawiyatan SMP As-Sunah Semarang menika. Awrat sejatosipun kula minagka wakil kelas sewelas, anggen kula ngaturaken panampi atur pepisahan saking raka kelas sewelas. Awit raka kelas sewelas ingkang boten namung kula anggep sadherek piyambak, nanging kados-kados patuladhanipun sampun kadi dene mahasiswa-mahasiswa. Boten sakedhik tuntunan ingkang migunani tumrap siswa-siswa sumarambah dhateng pemudha-pemudhi. Samenika badhe ngoncati pawiyatan ingkang tansah kita tresnani menika. Nanging kados pundi malih kados ingkang sampun kaaturaken wakil raka kelas kalih welas, bilih wonten pepanggihan tamtu badhe wonten pepisahan. Jer kula lan panjenengan sami namung manungsa limprah boten kuwawa nyelaki pepesthening dumadi. Kados bremana-bremani boten badhe salaminipun ngancani hapsara-hapsari.
        Raka kelas kalih welas, kula ndherek bingah dene sampun purna anggenipun ngudi kawruh saking pawiyatan menika kanthi nganthongi Surat Tanda Kelulusan. Pramila kula boten kuwawa nggondheli malih anggen panjenengan badhe nglajengaken sinau wonten pawiyatan luhur utawi ingkang nyambut damel ngantos kadumugen gegayuhan panjenengan. Bebasan sapa tekun bakal tekan, mugi-mugi sedaya ingkang dados gegayuhanipun raka kelas kalih welas saged kasembadan. Pindhaning Arjuna badhe dipunayomi dewa-dewi ing kayangan.
        Raka kelas kalih welas ingkang satuhu kula tresnani. Kula minangka sesulih kelas sewelas ngaturaken agunging panuwun dene raka kelas kalih welas sampun paring pitedah saha bimbingan ingkang kathah paedahipun. Kula boten saged atur piwales menapa-menapa, namung atur pandonga dhateng ngarsanipun Pangeran mugi sedaya amal kasaenan panjenengan angsal piwales. Kula tansah ngaturaken agunging panuwun dene panjenengan kersa paring pitedah dhumateng rayi kelas sewelas. Kula namung saged atur pepuji dhumateng raka kelas kalih welas mugi-mugi pangangkah badhe nglajengaken wonten ing pawiyatan luhur ingkang dipunidham-idhamaken sageda kasembadan.
        Wasana, kula cekapi atur panampi pamitan menika, menawi wonten kalepataning atur kula tansah nyuwun agunging samudra pangaksami. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Materi Menulis Wacana Persuasi Dalam Bentuk Naskah Pidhato

Pidhato inggih punika proses paring informasi marang tiyang kathah ngengingi satunggaling tema ingkang asipat satu arah. Wacana persuasi inggih menika karangan ingkang ancasipu mempengaruhi para pamaos. Wacana menika betahaken data minangka panyengkuyungipun. Wonten ing salebetipun pidhato, persuasi menika sanget wigati kangge ngajak para pamireng supados saged tumindak ingkang langkung sae.
Caranipun damel wacana persuasi ingkang awujud pidhato:
1.      Nemtokaken tema pidhato;
2.      Ngempalaken data-data ingkang trep kalihan tema kangge mantepaken pangajak tumrap ingkang mirengaken. 
3.      Ngrantam rangka wacana pidhato;
4.      Ngembangaken rangka wacana pidhato dados paragrap
5.      Editing;
6.      Dipunketik malih lan saged dipunaturaken dhateng pamidhanget.

Narkoba Yekti Mbebayani

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

    Katur panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati, kanca - kanca ingkang kula tresnani.

    Nanging sakderengipun, langkung rumiyin sumangga tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinarengaken kepal manunggal kanti pinaringan kasarasan saha kawilujengan amin.

    Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal menika narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media masa utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami, awit sinten ingkang ngangge narkoba, tumindak ipun badhe nalisir saking kasusilan. Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet penjara gara-gara narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanesipun. Narkoba ngrusak jasmani saha rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, mangga sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang keseseng saran, langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka kusumaning mangga kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi saha merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepikut barang ingkang haram menika, ingkang badhe mbeta kita datheng tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, saha kasusilaan , ingkang tundhopipun dawah dumateng jurang kesesen saran.

    Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados aken pepenget tumrap kita sedaya lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih.
    Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidaya.