Selasa, 18 Maret 2014

Pendidikan_Resensi Novel



Resensi “Sawise Langite Katon Biru”

Irah-irahan                   : Sawise Langite Katon Biru
Panganggit                  : Yunani S.W.
Panerbit                       : Organisasi Pengarang Sastra Jawa ( OPSJ )
                                      makarya bareng Azzarafika, Yogyakarta
Cetakan                       : Kapisan, Februari 2013
Tahun terbit                 : 2013
Kaca                            : viii + 100 kaca
ISBN                           : 978-602-777-711-8
Novel “Sawise Langite Katon Biru” anggitane Yunani, salah sawijine panulis sing wis malang-megung ning jagad tulis-tinulis. Yunani miwiti nulis taun 1970 ning majalah mingguan Panjebar Semangat lan Jaya Baya. Novel sing tau diterbitake Dokter wulandari, Katresnan Lingsir Sore, Kalung Barleyan (Antologi geguritan Pengarang Wanita/Prof. Dr. Suripan Sadi Hoetomo), Cinde Laras (dongeng anak basa jawa). Crita anak basa Indonesia: “Perjalanan ke Timur”, “Kartini Kecil dan Beberapa Cerita Pendek Lainnya”. Novel Pungkasan: Angin saka Paran (2005).

            Novel “Sawise Langit Katon Biru” nyitakake bab tresna segitiga antarane Retno, Hendratmo, lan Endah. Retno, kenya wuta 21 taun sing melu simbahe ning Batu dene kulawargane ning Surabaya. Retno nduweni mbakyu jenenge Endah sing tresna banget karo dheweke. Mula Endah golek bojo dhokter jenenge Hendratmo supaya bisa ngoperasi mripate Retno. Nanging ora nyana yen Hendratmo malah tresna karo Retno wiwit sepisan ketemu. Hendratmo asring nemoni Retno ning Batu kanthi alesan mriksa mripate retno sing arep dioperasi. Awit saka kuwi, rasa tresna antarane Retno lan Hendratmo sansaya ngrembaka. Sawise mripate Retno kasil dioperasi, sesambungan antarane Hendratmo lan Retna saya raket tanpa diweruhi karo Endah. Salah sawijine dina ning Surabaya, Retno lan Hendratmo ning omah wong loro amarga Endah lunga ngancani ibune nonton wayang wong. Ubale geni katresnan antarane Retno lan Hendratmo ora bisa dialang-alangi maneh. Kahanan omah sing sepi saya aweh kabebasan lelorone ngumbar rasa kangen lan tresnane. Nanging dumadakan  Endah bali maneh amarga dhompete keri neng omah. Awit saka iku, Endah ngerti yen bojone selingkuh karo adhine dhewe. Endah ngamuk karo Hendratmo, luwih-luwih karo Retno. Endah ora gelem ngakoni Retno dadi adhine maneh, amarga pengorbanane Endah kanggo Retno dibales karo tumindak nista. Retno ngrumasi salah lan nduweni dosa gedhe banget, mula dheweke bali menyang Batu. Retno ngakoni dosane ning ngrepe Rama Robertus lan nduweni tekad dadi non utawa biarawati. Bu Purwo, simbahe Endah, ora setuju karo kekarepane Retno. Banjur lunga ning Surabaya ngereh-ereh Endah supaya gelem ngapura Retno lan ngakoni dadi adhine maneh. Nanging kabeh iku wis kebacut, tekade Retno dadi biarawati ora bisa dipenggak karo sapa wae, kalebu Hendratmo.
Latar sing ana ning novel “Sawise Langite Katon Biru” dicritakake kanthi gamblang, yakuwi ning Batu, kebon apel, ning Surabaya (omahe ibune Retno lan kontrakane Endah). Novel iki kalebu novel sing bisa nggawe para pamaca trenyuh. Surat sing ditulis Retno kanggo Endah nalika milih dadi biarawati, salah sijine perangan sing bisa gawe pamaca netesake luh. Sudut pandang orang ketiga sarwa ngerti uga  nggampangake pamaca mangerteni isi cerita. Novel iki migunakake alur maju, dadine sing maca ora bingung anggone mbayangake ceritane. Basa sing digunakake uga ora ndakik-ndakik saengga isine gampang dipahami karo pamaca. Panulis kasil nggawa para pamaca kaya-kaya nekseni dhewe kadadeyan-kadadeyan sing dialami para tokoh ning sajrone cerita kanthi deskripsi kang gamblang.
Ana perangan-perangan sing penjabarane umum banget. Contone kaca 58 paragrap pungkasan: wengine saya sepi, angine saya atis. Bengi iku setan padha jejogedan ajak-ajak tumindak dosa. Ing kono ora dijlentrehna tumindak nista sing kaya ngapa, dadine nggawe pamaca penasaran. Kajaba kuwi, alure novel gampang dibedhek karo pamaca. Nanging kabeh kuwi ora ngurangi kaendahane novel “Sawise Langit Katon Biru”.
Novel “ Sawise Langit Katon Biru” cocog diwaca karo sapa wae. Supaya padha ngerti yen manungsa ora kena ngumbar kekarepane wae nanging kudu tansah eling marang Gustine. Manungsa kudu bisa ngendhalekake hawa nepsu sanajan ubale geni katresnan makantar-kantar sajrone ati. Aja nganti nglakoni katresnan sing nerak wewaler agama yen ora pengin nambah dosa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar