Selasa, 18 Maret 2014

Sastra_Oret-oretan Cerita Cekak



Luntur Tresnaku
Jago kluruk wis keprungu gemontang, saut-sautan saka kandhang siji lan sijine. Sekar malah ngunjukake kemule. Bareng kelingan yen duwe janji karo Novi, banjur brabat tangi. Sekar kuwi salah sawijining Kenya ing desa Cangkriman, sing kuliyah ana ing kutha Solo. Dheweke lagi libur, mula bali ing desane kang banget ditresnani. Esuk iki, Sekar janjian karo Novi mlaku-mlaku menyang pasar ing desane. Novi kuwi tangga lan kancane dolanan Sekar wiwit cilik sing saiki wis kerja. Sawise sholat, Sekar banjur nganggo jaket lan nemoni Novi ing pratelon desane.
“Suwe temen tha, aku wis setengah jam ngenteni ning kene .”
“Ngapurane ya Nov, aku mau keturon ?”
“Ya wis ra ngapa-ngapa. Ayo mangkat saiki !”
“Ayo !”                                                                                        
Ing tengah dalan, bocah loro mau crita-crita amarga wis suwe ora ketemu. Sekar uga asring cerita menyang Novi babagan jejaka kang ditresnani sing jenenge Mas Sapta, salah sawijining jejaka ing desa Cangkriman. Sekar seneng banget mlaku-mlaku menyang pasar amarga yen arep menyang pasar kuwi ngliwati omahe Mas Sapta. Tekan ngarep omahe Mas Sapta, Novi bengok-bengok ngundang Mas Sapta. Nanging lambene ditungkem dening Sekar lan diglandhang lunga. Pancen Sekar kuwi tresna karo Mas Sapta, nanging Mas Sapta ora ngerti.
Ing sawijining dina, Sekar diutus ibune tuku gula ing warunge Mas Sapta. Sing ngedoli Mas Sapta, amarga ibune lagi lunga. Sekar seneng banget, nanging uga deg-deg pyar ketemu langsung karo Mas Sapta.
“E…dhik Sekar, kapan bali saka Solo ?”
“Seminggu kepungkur Mas.”
“Apik-apik tha kabare ? Eh, iya, arep tuku apa ?”
“Nggih Mas, sae. Kula badhe tumbas gula.”
“Dolan-dolan tha !”
“Nggih Mas, kapan-kapan mawon.”
Mas Sapta kuwi jejaka kang luhur budine. Sanajan urip ing desa, nanging awake gedhe dhuwur, kulite resik, rambute ngombak bakung lan irunge mbangir. Mula ora gumun yen bocah wadon padha tresna marang Mas Sapta, semono uga karo Sekar lan Novi. Nanging amarga Novi wis duwe gandhengan mulane ora kepengin nyandhing karo Mas Sapta.
Sekar atine ces anyles kaya kesiram banyu tlaga yen weruh Mas Sapta. Dheweke pengen dadi wong kang ditresnani dening Mas Sapta. Yen dideleng-deleng, Mas Sapta kuwi durung duwe gandengan amarga durung tau ana bocah wadon sing jak dolan ning omahe. Nanging minangka bocah wadon, Sekar ora wani ngomong tresna luwih dhisik.
Liburan kuliyah wis rampung, Sekar bali menyang Solo. Ing kana, dheweke tansah kelingan Mas Sapta. Let sesasi, Sekar bali ing desane. Tekan omah dheweke entuk layang ulem mantenan. Layang kuwi dibukak lan diwaca. Atine Sekar trenyuh kaya diiri-iris bareng reti yen layang kuwi saka Mas Sapta. Luh netes tanpa suda nganti layange teles kabeh. Pirang-pirang dina Sekar ora doyan mangan.
Ing sawijining dina, Mas Sapta mlaku-mlaku ngliwati omahe Sekar. Mas Sapta banjur mampir ing omahe Sekar.
“Dhik Sekar, awakmu kenapa kok katon sedhih?”
“Ora kenapa-kenapa kok Mas .”
“Eh, iya, minggu ngarep aku arep nikah.”
“Kenapa Mas Sapta ora tau kandha yen arep nikah ?” (Sekar takon karo mripate mbrambang)
“Dudu aku ora gelem kandha dhik, nanging calon bojoku wingi kuwi isih tugas ing Jakarta. Dadine ora suwe ora tau ketemu.”
“Lha sikape Mas Sapta sing apik banget karo aku iku artine apa Mas ?”
“Sekar, awakmu kuwi wis tak anggep kaya adhiku dhewe. Aku apik lang sayang karo kowe iku minangka adhik.”
Sawise Mas Sapta lunga, luh sing diempet banjur netes dleweran. Sekar tansah donga marang Gusti njaluk tentreming ati. Akhire kanthi diwolak-walik pikire, Sekar bisa narima. Yen sejatine tresna kuwi ora mesti kudu duweni.
Ing dina nikahane Mas Sapta, Sekar teka karo Novi. Sekar wis lila yen Mas Sapta nyandhing karo wong liya. Dheweke uga donga supaya Mas Sapta langgeng lan urip seneng karo bojone. Sekar percaya yen sawijining dina dheweke bisa ketemu karo jejaka gantine Mas Sapta lan urip seneng nganti salawase.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar