Luntur Tresnaku
Jago
kluruk wis keprungu gemontang, saut-sautan saka kandhang siji lan sijine. Sekar
malah ngunjukake kemule. Bareng kelingan yen duwe janji karo Novi, banjur
brabat tangi. Sekar kuwi salah sawijining Kenya ing desa Cangkriman, sing
kuliyah ana ing kutha Solo. Dheweke lagi libur, mula bali ing desane kang
banget ditresnani. Esuk iki, Sekar janjian karo Novi mlaku-mlaku menyang pasar
ing desane. Novi kuwi tangga lan kancane dolanan Sekar wiwit cilik sing saiki
wis kerja. Sawise sholat, Sekar banjur nganggo jaket lan nemoni Novi ing
pratelon desane.
“Suwe
temen tha, aku wis setengah jam ngenteni ning kene .”
“Ngapurane
ya Nov, aku mau keturon ?”
“Ya
wis ra ngapa-ngapa. Ayo mangkat saiki !”
“Ayo !”
Ing
tengah dalan, bocah loro mau crita-crita amarga wis suwe ora ketemu. Sekar uga
asring cerita menyang Novi babagan jejaka kang ditresnani sing jenenge Mas
Sapta, salah sawijining jejaka ing desa Cangkriman. Sekar seneng banget
mlaku-mlaku menyang pasar amarga yen arep menyang pasar kuwi ngliwati omahe Mas
Sapta. Tekan ngarep omahe Mas Sapta, Novi bengok-bengok ngundang Mas Sapta.
Nanging lambene ditungkem dening Sekar lan diglandhang lunga. Pancen Sekar kuwi
tresna karo Mas Sapta, nanging Mas Sapta ora ngerti.
Ing
sawijining dina, Sekar diutus ibune tuku gula ing warunge Mas Sapta. Sing
ngedoli Mas Sapta, amarga ibune lagi lunga. Sekar seneng banget, nanging uga
deg-deg pyar ketemu langsung karo Mas Sapta.
“E…dhik
Sekar, kapan bali saka Solo ?”
“Seminggu
kepungkur Mas.”
“Apik-apik
tha kabare ? Eh, iya, arep tuku apa ?”
“Nggih
Mas, sae. Kula badhe tumbas gula.”
“Dolan-dolan
tha !”
“Nggih
Mas, kapan-kapan mawon.”
Mas
Sapta kuwi jejaka kang luhur budine. Sanajan urip ing desa, nanging awake gedhe
dhuwur, kulite resik, rambute ngombak bakung lan irunge mbangir. Mula ora gumun
yen bocah wadon padha tresna marang Mas Sapta, semono uga karo Sekar lan Novi.
Nanging amarga Novi wis duwe gandhengan mulane ora kepengin nyandhing karo Mas
Sapta.
Sekar
atine ces anyles kaya kesiram banyu tlaga yen weruh Mas Sapta. Dheweke pengen dadi
wong kang ditresnani dening Mas Sapta. Yen dideleng-deleng, Mas Sapta kuwi
durung duwe gandengan amarga durung tau ana bocah wadon sing jak dolan ning
omahe. Nanging minangka bocah wadon, Sekar ora wani ngomong tresna luwih
dhisik.
Liburan
kuliyah wis rampung, Sekar bali menyang Solo. Ing kana, dheweke tansah kelingan
Mas Sapta. Let sesasi, Sekar bali ing desane. Tekan omah dheweke entuk layang
ulem mantenan. Layang kuwi dibukak lan diwaca. Atine Sekar trenyuh kaya
diiri-iris bareng reti yen layang kuwi saka Mas Sapta. Luh netes tanpa suda
nganti layange teles kabeh. Pirang-pirang dina Sekar ora doyan mangan.
Ing
sawijining dina, Mas Sapta mlaku-mlaku ngliwati omahe Sekar. Mas Sapta banjur
mampir ing omahe Sekar.
“Dhik
Sekar, awakmu kenapa kok katon sedhih?”
“Ora
kenapa-kenapa kok Mas .”
“Eh,
iya, minggu ngarep aku arep nikah.”
“Kenapa
Mas Sapta ora tau kandha yen arep nikah ?” (Sekar takon karo mripate mbrambang)
“Dudu
aku ora gelem kandha dhik, nanging calon bojoku wingi kuwi isih tugas ing
Jakarta. Dadine ora suwe ora tau ketemu.”
“Lha
sikape Mas Sapta sing apik banget karo aku iku artine apa Mas ?”
“Sekar,
awakmu kuwi wis tak anggep kaya adhiku dhewe. Aku apik lang sayang karo kowe
iku minangka adhik.”
Sawise
Mas Sapta lunga, luh sing diempet banjur netes dleweran. Sekar tansah donga
marang Gusti njaluk tentreming ati. Akhire kanthi diwolak-walik pikire, Sekar
bisa narima. Yen sejatine tresna kuwi ora mesti kudu duweni.
Ing dina nikahane Mas
Sapta, Sekar teka karo Novi. Sekar wis lila yen Mas Sapta nyandhing karo wong
liya. Dheweke uga donga supaya Mas Sapta langgeng lan urip seneng karo bojone.
Sekar percaya yen sawijining dina dheweke bisa ketemu karo jejaka gantine Mas
Sapta lan urip seneng nganti salawase.