Tampilkan postingan dengan label Kebudayaan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Kebudayaan. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 05 Juli 2014

Kebudayaan_Panatacara Adicara Pawiwahan



PANATACARA MIWITI ADICARA PAWIWAHAN

Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha Agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala, satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami Islam.
Assalamualaikum Wr. Wb.
   Para sesepuh myang pinisepuh ingkang pantes sinungkeman, para sanak kadang sentanawarga pamong mitra ingkang tansah sinambrama ing pamboja, para rumaja putra rumaja putri ingkang tansah kinasih ing Gusti, waradinipun dhumateng sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha minulya.
   Sagah kajibah mingkuh katempuh, mestuti dhawuhipun pamangku gati nun inggih bapak Yongki sekaliyan keparenga kula pun Nadia marak ing ngarsa panjenengan awit ing titiwanci punika kula kadhawuhan mranatacara wonten ing pawiwahan dhaupipun Nimas Ayu Kumala Sari putrinipun bapak Yongki sekaliyan, kaliyan dhimas bagus Husni Nugroho priyatmajanipun bapak Taat sekaliyan ingkang saking Brebes.
   Para rawuh kakung putri wreda mudha minulya. Burat padha tresning putra, sisa brama welut wisa. Hambok bilih wonten lumunturing sih. Mugi keparenga kula angaturaken reroncen lampah-lampahanipun tatacara pawiwahan ing siyang punika ingkang asasana ing Desa Sukamaju, Salatiga amarengi hari Jumat surya kaping 3 warsa 2014 Masehi.
   Menggah reroncening tatacara pawiwahan ing siyang menika nuninggih.
1.      Sepisan pambuka utawi purwaka
2.      Ingkang angka kalih, praptanipun calon penganten priya ing sasana hargya tumunten kalajengaken pasrah panampining pengantin priya. Pasrah pengantin priya badhe mangke badhe katindakaken dening ibu Isna Maroh, dene panampi mangke badhe katindakaken dening ibu Three Sussanthy.
3.      Purnaning pasrah panampi penganten priya tumunten badhe kadhaupaken nut tatacara adat Jawi tilaranipun para leluhur linuhung Jawi.
4.      Panggihing pengantin ing mangke badhe keregengaken dening ibu Nikmah Sholikhah saking sanggar rias Sulistya ing Warni kalebet tatacara candakipun ngantos sungkeman utawi ngabekten sedaya mangke badhe kapratitisaken dening rising juru paes.
5.      Tatcara candakipun atur pambagyaharya saking pamangkugati sekaliyan ingkang badhe katindakaken dening bapak Wimar Aditya.
6.      Sakaparipuraning pambagyaharja, para rawuh kepareng paring pudyasta warja, pudyastuti dhumateng pengantin kekalih minggahipun ingkang sami mangun bebesanan kanthi ajawat asta.
7.      Saksampunipun paring pangestu kanthi ajawat asta, para rawuh ingaturan tumuju ing sasana bujana saperlu mundhut unjukan sarta dhaharan ing kang kasamaptakaken dening para kadang biyantu ing reh bujana nuninggih para kadang saking Barokah Catering. Mekaten kalawau reroncen lampahing tatacara pawiwahan ing siyang punika. Ing salajengipun sinambi nengga tumapaking adicara saha tatacara sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken hanyekecakaken lenggah sinambi mangun oneng mangun rarasruming driya utawi kangen-kangenan. Sumangga nuwun.


NUTUP ADICARA PAWIWAHAN

   Para rawuh ingkang dhaht kinurmatan setunggal baka setunggal lampahing tatacara pawiwahan ing siyang menika sampun katindakaken kanthi raharja. Wahyaning mangsa kala wus ndungkap titipurnaning pawiwahan. Wonten ing sungapaning pawiwahan kula pun Wisnu Pratama ingkang piniji pinitaya minangka panatacara hambok bilih anggen kula angayahi jejibahan wonten galap gangsuling atur kiranging subasita myang tatakrami kula nyuwun lumunturing sih samudra gung pangaksami.

Kebudayaan_Pasrah Panampi Penganten



Pasrah Penganten Priya

Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha Agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala, satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami Islam.
Assalamualaikum Wr. Wb.
            Sabda minangka panggih, tembung minangka kekenceng, inggih wacana minangka panancang. Netepi darmaning kekadangan turta sampun sumanggem mring sesanggeman, keparenga kula marak ing ngarsa panjenengan, awit ing titi wanci menika kula kadhawuhan dening Bapak Taat sekaliyan kinen matur dhumateng Bapak Yongki sekaliyan.
            Ingkang punika keparenga kul amurweng gati. Ibu Isna ingkang minangka sulih sariranipun bapak Yongki sekaliyan ingkang kinurmatan. Sepisan: kepareng matur bilih sowan kula sakadang saking Brebes ngantos dumugi ing ngriki tansah manggih wilujeng, boten wonten pepalang menapa. Sedaya awit saking berkahing Gusti lumantar panjenengan sedaya.
            Ingkang angka kalih: lumantar kula bapak Taat ngaturaken salam taklim nugi katur dhumateng bapak Yongki sekaliyan. Ngancik ingkang angka tiga, inggih tritiyeng gati. Pisowan kula mestuti dhawuhipun bapak Taat sekaliyan turta jumbuh kaliyan rancangan sowan kula sakadang. Dalu punika sampun anganti calon penganten priya pun Dimas Bagus Husni Nugroho. Pramila tumunten kula pasrahaken dhumateng bapak Aji sekaliyan sinartan panyuwun mugi keparenga amaringi wewarah, wewuruk sangu-sanguning abalewisma.
            Ibu Isna ingkang kinurmatan, sowan kula sakadang ing dalu menika ugi kinanten ubarampe saha sarat sarana ingkang sanadyan wujud sarta ajinipun boten sepintena nanging mugi sedaya saged dados sarat sarana murih raket supeketing kekadangan ingkang antawisipun keluarga bapak Taat lan keluarga bapak Yongki ing ngriki. Sedaya kula pasrahaken dhumateng bapak Yongki sekaliyan.
            Ibu Isna ingkang kinurmatan, kirang trep hambok bilih anggen kula matur anggandhar-andhar angendhukur. Pramila damar mancung cinupet semanten atur kula hambok bilih anggen kula minangka dados sesulih kathah kirangipun keparenga hambedhah kuthaning pangapsami.
            Minangka panutuping atur, Wassalamualaikum Wr. Wb.


Panampi Penganten Priya

Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha Agung. Mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala, satuhu. Mligi tumrap para rawuh ingkang angrasuk agami Islam.
Assalamualaikum Wr. Wb.
          kula minangka talangbasanipun bapak Yongki seklaiyan kepareng kula pun Three Sussanthy nggempil kamardikan para rawuh saperlu ananggepi pangandika bapak Taat sekaliyan ingkang lumantar ibu Isna.
            Ibu Isna ingkang kinurmatan, trajuning sih saking bapak Taat sampu rawuh ing ngriki satuhu adamel bombong sarta mongkokipun manah bapak Yongki sekaliyan. Ingkan punika lumantar kula bapak Yongki sekaliyan ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan.
            Salajengipun ugi sampun kula sampi salam taklim saking bapak Taat sekaliyan tumunten badhe kula aturaken dhumateng bapak Yongki sekaliyan. Ibu Isna ingkang minulyeng budhi. Rawuh panjenengan ingkang sampun anganti caon penganten priya pun Dimas Bagus Husni Nugraha adamel suka gembira manahipun bapak Yongki sekaliyan. Pramila kanthi raos bombong katampi pasrahipun calon pengantin priya.
            Kula ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami tumrap sedaya sih peparingipun. Mugi hamimbuhi manunggaling tekad badhe sesarengan ngumpulaken balung apisah lumantar bebesanan. Salajengipun dhumateng ibu Isna sakadang sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken lelenggahan sinambi paring pangesrtu mugi calon pengantin anggenipun badhe nglampahi daup silakrama benjang enjang tansah pinaringan wilujeng nir ing sambekala.
            Mekaten atur kula hambok bilih wonten atur kul ingkang kirang mranani penggalih panjenengan, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangapsami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Selasa, 01 Juli 2014

Kebudayaan_Sedekah Bumi

Tradisi Sedekah Bumi Jakenan, Pati

Sedekah bumi adalah salah satu pranata atau tradisi yang masih dipatuhi oleh masyarakat di desa saya, tepatnya di desa Jakenan, kecamatan Jakenan, kabupaten Pati, Jawa Tengah. Sedekah bumi merupakan tradisi luhur yang turun temurun dari nenek moyang, yang diadakan setiap tahun pada bulan Dzulqaedah hari Jumat Kliwon. Pada tahun 2011 ini, jatuh pada tanggal 14 Oktober hari Jumat Kliwon. Sedekah bumi diadakan sebagai wujud rasa syukur warga desa Jakenan kepada Allah SWT atas rezeki yang telah diberikan kepada semua warga. Sedekah bumi biasanya diadakan di punden desa Jakenan.Sedekah bumi di desa Jakenan berbeda dengan daerah yang lainnya. Perbedaannya terletak pada kebersamaan para warga dan acara hiburannya.
Dalam hal kebersamaan, pada hari diadakannya sedekah bumi, semua warga Jakenan rela meninggalkan pekerjaannya untuk mengikuti acara demi acara dalam sedekah bumi. Hal ini berbeda dengan daerah lain, dimana pada saat tradisi sedekah bumi berlangsung, ada warga yang masih aktif bekerja. Rangkaian acara sedekah bumi diawali dengan memasak masakan untuk dibawa ke punden desa yang biasanya dilakukan oleh kaum ibu. Masakannya terdiri dari nasi, tahu, tempe, sambal goreng, tumis kacang, mie, telur dan ikan bandeng. Setelah masakan siap, kemudian ditata diatas baki yang terbuat dari bambu atau dalam istilah jawa sering disebut tampah. Setelah itu, masakan dibawa ke punden desa oleh bapak-bapak. Acara inti dari sedekah bumi yaitu hajatan, baru dimulai setelah semua warga berkumpul di punden desa. Dalam acara hajatan itu, semua warga tampak khusyuk dalam berdoa  yang dipimpin oleh sesepuh desa. Semua warga memohon kepada sang pencipta agar masyarakat tambah makmur, sejahtera, tenteram, rejekinya berlimpah, dan lahan pertanian subur. Setelah berdoa, bapak kepala desa Jakenan mengajak semua warganya untuk menikmati makanan yang telah tersedia. Bahkan ada warga dari desa lain yang turut  hadir dan menikmati makan bersama.
Dalam hal hiburan, dalam tradisi sedekah bumi di desa Jakenan, ada beberapa acara hiburan yang memeriahkan suasana. Salah satu acara hiburan yang wajib diadakan dan merupakan ciri khas yang yang membedakan tradisi sedekah bumi Jakenan dengan daerah lain adalah tayub. Berdasarkan mitos yang berkembang di desa Jakenan, tayub menjadi acara hiburan yang wajib diadakan dalam sedekah bumi karena tayub merupakan permintaan dari danyang punden desa Jakenan yang bernama Mbah Jim Joyo Kusumo. Panggung untuk acara tayub tidak boleh membelakangi arah dari punden desa. Jika tayub tidak diadakan dalam acara sedekah bumi, maka akan terjadi suatu hal buruk yang menimpa warga Jakenan. Misalnya, para petani gagal panen dan lahan pertaniannya tidak subur. Oleh karena itu, acara hiburan tayub selalu diadakan dalam acara sedekah bumi di Jakenan. Di daerah lain juga mengadakan acara hiburan tayub pada saat sedekah bumi, tetapi tidak wajib seperti di Jakenan. Tayub biasanya diadakan setelah acara hajatan di punden desa. Dalam acara tayub, semua warga termasuk perangkat desa larut dalam kegembiraan dan berjoget bersama. Di sinilah sangat terasa hangatnya kebersamaan. Selain tayub, ada beberapa perlombaan yang digelar. Mulai dari sepak bola, tarik tambang, pacuan kuda, sampai dengan lomba makan kerupuk untuk anak-anak. Semua warga sangat antusias hadir, baik untuk mengikuti lomba maupun hanya sedekar menjadi penonton saja. Kalah dan menang tidak menjadi masalah, yang penting adalah kebersamaan.

Tradisi sedekah bumi di Jakenan masih diadakan setiap tahunnya. Masyarakat desa Jakenan berharap agar tradisi sedekah bumi yang merupakan peninggalan dari nenek moyang ini, bisa tetap dijaga dan dilestarikan baik oleh generasi sekarang maupun generasi yang akan datang. Karena dengan adanya acara sedekah bumi, dapat mempererat tali silatuhrahmi antar warga sehingga kehidupan masyarakat desa Jakenan semakin rukun dan damai.